twitter


Asal Usul Kedunggalar - Ngawi

Kira-kira ana ing wangsanan 1830, Pangeran Diponegoro ora setuju karo wewenange Walanda. Dheweke nglarang Walanda supaya ora nindak sakarepe dhewe amarga Dheweke nganggep yen Walanda namung nyengsarakne rakyat. Pangeran Diponegoro ditangkep menyang Makassar amarga Pangeran Diponegoro ora mungkasi anggone dheweke nglawan Walanda. Mila, para pandhereke padha kocar-kacir, kaya sapu sada kelangan suh. Sabageyan pandhereke ana sing banjur teluk marang mungsuh, sabageyan maneh padha mlayu sumebar dhewe-dhewe. Pandhereke ana sing mlayu menyang mangetan lan ana sing mlayu mangulon sing baku bisa umpetan lan supaya ora kecekel Walanda lan anthek-antheke.
Ana sapantha pandhereke Pangeran Diponegoro cacahe selawe. Sapantha pandhereke Pangeran Diponegoro sing cacahe selawe mau mlayu ana mangetan.  Nanging, nalika pandhereke Pangeran Diponegoro sing cacahe selawe mau lagi tekan sukuning gunung Lawu sisih lor wis kadenangan dening prajurit Kasunanan sing bebantu marang Walanda.
Wasanane prajurit Diponegoro sing mung cacah selawe kuwi ditumpes, meh kabeh nemahi pati ing paprangan sing ora timbang kuwi. Nanging, pranyata isih ana sing bisa lolos saka pepati yaiku Ki Sungsang lan Ki Karang. Wong loro iku banjur mlayu menyang mangetan golek slamet lan ngiras pantes ngrungokne pawarta. Manawa-manawa ana kraman sing mungsuh Walanda, karepe yen ana arep melu nyawiji ing barisane kraman mau kanggo mbales lara wirange.
Ki Sungsang lan Ki Karang wis ana ing Magetan. Ing Magetan, Ki Sungsang lan Ki Karang ngenteni kabar. Wis ana pirang-pirang sasi Ki Sungsang lan Ki Karang ana ing kana. Nanging nganti  pirang-pirang sasi iku, kabar anane kraman kang mungsuhi walanda babar pisan ora ana. Banjur, Ki Sungsang lan Ki Karang ngaleh saka Magetan. amarga Ki Sungsang lan Ki Karang ora oleh kabar kraman mungsuh Walanda.
Banjur saka Magetan, Ki Sungsang lan Ki Karang mlaku menyang arah ngulon. Ki Sungsang lan Ki Karang weruh ana Kedung ing Salah sawijing Desa. Banjur, Ki Sungsang lan Ki Karang padha leren ing sapinggiring kedhung iku. Ing Kedhung iku, Wong loro padha rembugan yen kanggo ngumpulne kekuwatan lumawan Walanda ora bisa mlaku ngono kuwi, malah kepara luwih becik babat alas mbukak desa, mbok Manawa kanthi mangkono bakal akeh wong sing teka menyang papan kana lan bisa diajak nyusun kekuwatan kanggo lumawan mungsuh bebarengan.
Ki Sungsang lan Ki Karang babat alas mbukak desa. Ki Sungsang lan Ki Karang babat alas lan mbukak desa kanggo nyusun kekuwatan kanggo lumawan mungsuh bebarengan. Mila, saben Nalar utawa pikiran kang mangkono mau banjur diwujudake. Saka desa ning desa, Ki Sungsang lan Ki Karang babat alas lan mbukak Desa. Banjur, Ki Sungsang lan Ki Karang klakon bisa mbabat alas lan yasa desa.
Kanggo ngeling-eling tinemune gagasan kang mangkono mau, desa anggone asil mbabat alas kuwi ditengeri klawan jeneng Desa Kedhunging Nalar. Jeneng Desa Kedhunging Nalar iku dijupuk saka tinemune gagasan Ki Sungsang lan Ki Karang sapisanan kang mapan ing sacedhaking Kedhung. Ing Kedhung kana uga, Ki Sungsang lan Ki Karang banjur nemu nalar kanggo babat alas.
Ora suwe anggone Ki Sungsang lan Ki Karang wis bisa mbukak Desa kanthi sebutan Desa Kedhunging Nalar kuwi, banjur akeh wong padha mara utawa padha neneka melu mbubak alas ing kana lan kabehe iku dadi andhahane Ki Sungsang lan Ki Karang.
Wiwit saka dina iku, Ki Sungsang lan Ki Karang salin jeneng kanggo nyingidake jati dhirine ben ora konangan dening Walanda. Ki Sungsang salin jeneng dadi Ki Ambyangkara dene Ki Karang Salin jeneng dadi Ki Modangkara.
Saya dina Desa Kedhunging Nalar saya reja, saya akeh wong sing mara ngedhek omah ana ing kana. Owah gingsire wong ngarani Desa iku sing ndhisike saka Desa Kedhunging Nalar ngalih jeneng dadi Desa Kedunggalar.
Anuju sawijining dina, Ki Ambyangkara lan Ki Modangkara ketekan tamu. Tamu iku jebul kancane jaman ndherek pangeran Diponegoro biyen aran Ki Samun  Ki Samun banjur nyawiji karo wong loro iku mau. . Ing Desa Kedunggalar, Ki Ambyangkara, Ki Modangkara lan Ki Samun rerembug babagan cara kan luwih becik  ngumpulne kekuwatan kanggo lumawan Walanda iku babat  alas mbukak desa. Ki Samun dicariyosaken anggone Ki Ambyangkara lan Ki Modangkara babat alas kanthi asile babat alas mbukak desa iku dadi jeneng Desa Kedunggalar.
Ki Samun uga babat alas mbukak desa. Nanging, anggone Ki Samun babat alas rada mengalor. Ki Samun babat alas kang akeh wite Plasa. Ing kana, Ki Samun nebangi wit-wit Plasa. Mula, Ki Samun wenehi jeneng panggonan iku Dhusun Plasareja (Plosorejo). Ki Samun uga nglumpukake kayu-kayu sing wis ditebangi lan kayu-kayu iku ditumpuk ing pinggir kali kanggo digawe areng. Papan kanggo numpuk kayu sing digawe areng mau wekasane dadi Dhusun Ngarengan (saka tembung nggon areng). Sawise babat alas mangkono, Ki Samun uga salin jeneng malih dadi Ki Wangsasepi.
Bareng wis akeh wong sing padha neneka ing Desa Kedunggalar, ing Dhusun Plasareja uga wis akeh wonge, Ki Wangsasepi banjur ngajak kanca-kancane ( Ki Ambyangkara lan Ki Modangkara) mangun kraman maneh. Nanging,  Ki Ambyangkara duwe panemu yen durung wayahe kanggo lumawan Walanda awit saka durung duwe kekuwatan sing cukup.  Anggone padha adu panemu mau nganti suwe, saben-saben Ki Ambyangkara tansah sumaur yen durung wayahe.
Mula Ki Wangsasepi banjur takon :“Aku bingung karo kowe,  Bolak-balik kok kowe iki ngomonge durung wae, jane ngono kuwi durung apa ora?”.
“Urung-urung!” wangsulane Ki Ambyangkara rada sora.
Saka wangsulane Ki Ambyangkara mangkana, Mila papan anggone padha adu panemu kuwi saiki karan Dhusun Urung-Urung. Ki Wangsasepi sing isih rada kuciwa athine kuwi banjur nglungani mlaku mangulon.
Nalika Ki Wangasepi mlaku mangulon, Ki Wangasepi weruh ana kepalang kali sing lagi banjir. Ki Wangsasepi banjur grenengan : “wow tibake ana Kali sing lagi banjir..…..” Saka mangkana, Mila papan ing kana kuwi saiki karan Dhusun Kaliwowo. 
 Sawise weruh ana kali sing lagi banjir iku, Ki Wangsasepi banjur mlaku mangalor. Lajeng, Ki Wangasepi leren ing sacedhake kedhung. Ing Kedhung, Ki Wangasepi melengake pikir supaya ora kebacut gela. Jarene Simbah-simbah ndhisik, Anggone Ki Wangasepi malengake mikir supaya ora gela kesuwen.


Saka anggone Ki Wangasepi malengake mikir kesuwen ana ing Kedhung iku, Mila ing Pungkasaning Crita Papan ana kana kuwi saiki diarani Kedhung Mileng. Kedhung Mileng yaiku kedhung sing kondhang gawat semu wingit ing Desa Kedunggalar.

1 comments:

  1. Ini kisah nya dari mana ya om ngambil referensi nya

Post a Comment


web stats