twitter


Pedhut Ing Madyaning Bengawan
Dening : Supardi Sastrodiharjo

      Keprungu panggresahe Rara Amis kang wiwit mau ana sandhuwure praune. Kelingan ganda amis kang tumama ing anggane, kumembeng luhe Rara Amis. Penyakitku iki penyakit sing kepiye? Wis ora ketung bapake Rara Amis ngundang tabib kondhang. Kepengin banget ganda amis kudu minggat saka anggane Rara Amis. Wong tuwane sing mung tukang mincing, uga Rara Amis dhewe judheg banget.
Ing atarane rasa swargane ndonya kang lagi dipucuki, Rara Amis pancen ndeleng pedhut putih kang ngemuli praune. Rara Amis mantep yen aman saka pandelenge mripat liyan. Mula dheweke siyap nandhingi krodhane Resi Palasara kang pilih tandhing.
    Rara Amis sing wis diganti jeneng Setyawati dening Resi Palasara wis nggarbini telung sasi. Muntah-muntah kaya-kaya wis dadi padidane Setyawati. Jarene Resi Palasara, kuwi mono gawan bayi. Esuk kuwi, nalika tangi turu, Setyawati mung plonga-plongo. Kanggo golek wangsulane, Setyawati mudhun saka peturon. Atine nggragap ora kepenak rikala nyawang canthelan sing kanggo nyanthelake penganggone Resi Palarasa. Lagi nyawang lawang sing senajan ditutup, nanging wis ora dikancing, kuwi tegese Resi Palarasa wis metu saka omah gubug sing sasuwene iki dienggoni.
Gak penak pikiran lan atine Setyawati. Grayah-grayah tangane ing ngisor bantale Resi Palarasa. Nemu godhong lontar sing kebak tulisane Resi Palarasa. Banjur diwaca.
Nyai Setyawati. Sepurane sing gedhe, aku lunga tanpa pamit. Merga yen aku pamit mesthi ora kok olehi.
     Nyai, aku lunga merga nindaake wajibe para resi. Duwe bojo resi ya ngene iki pitukone. Ning aja kuwatir, mantra lan dongaku tansah njaga keslametanmu. Bayi sing saiki isih kok gambol kuwi, suk emben lair lanang. Nuli wenehana jeneng: Abiyasa.
     Nyai Setyawati, dak jaluk tetep manggon ing panggonan iki. Sengaja dak dhelikake saka papan rame supaya anggonmu nggarbini ora konangan sapa wae. Kanthi mengkono sebutan prawan, sawise anakmu lanang lair, isih ajeg nemplek ing awakmu. Garising pepesthen, ing mbesuke sliramu bakal diwengku dening Ratu Gung Binathara saka negara Hastinapura kang jejuluk Prabu Sentanu.
      Rampung anggone maca, Setyawati mung kelop-kelop. Nganti godhong lontar kuwi ceblok saka tangane, Setyawati isih wae kelop-kelop.
Sumber : Panjebar Semangat No. 50 – 13 Desember 2008

0 comments:

Post a Comment


web stats