Rawa
Tambak 3-Tamat
Dening
: Sriyono R.
Ing Samodra ana dewa, dewa iku yaiku
Sang Hyang Baruna . Sang Hyang Baruna
ndhelok, Citrane Sri Ramawijaya sing saya kethok nalika dadi dewa. Sang Hyang
Baruna uga ndhelok nesune sang Hyang Wisnumurti nalika ngasatke segara .namung
dheweke namung ndeloke samar-samar.Sang Jarwata bakal marani yen durung nganti
iso ngleburke jagad amarga iku akhir dukane Sang Hyang Kesawa.
Sang Hyang Baruna takon marang Sri
Ramawijaya, kena apa dheweke diutus ngasatke segara, dheweke uga ngomong yen
kanggo ngasatke segara iku bakal kangelan amarga ing ngisor segara akeh
beBajulne. yen tujuane namung supaya bisa tekan ana ngalengka. yen uga menawa segara iku wis dadi sat,
nanging isih ana beBajuln sing ditinggalke kayata ing ngisor segara iku ana
karang kang landhep sing bisa nglarani wong liyo sing nglewati. Dadi supaya
bisa lunga menyang ngalengka, wadyabala bisa diutus kanggo ngusungi watu banjur
dideleh ana segara. Saka mangkono, Sri Ramawijaya seneng marang usule Sang
Hyang Baruna. Banjur, Dheweke nyeluk Agniastra. Agniastra diceluk amarga diutus
ngucolke Barunastra. Banjur akeh wong sing tumeka, Sang Hyang Baruna ngomong
yenbakal ana misi kanggo ngelem marang telenging segara kanggo ngewangi
panyuwune Sang Hyang Ramawijata marang Sang Juwata. Sawise mangkono, Dheweke ngomong
karo Prabu Sugriwa, yen Prabu Sugriwa diutus nyepakake wadyabala kanggo nambak
segara. Banjur, Prabu Sugriwa ngutus marang para bupati supaya nyiapke kabeh
wadyabalane supaya ngusung watu sela tala.
Wadyabala sing wis diutus ngusung watu
sela tala iku nyebar ngalor, ngetan lan ngulon. Kanggo ngusungi watu sing bakal
dideleh ana segara, Wadyabala iku padha jejer-jer banjur padha uncal-uncalan.
Wadyabala sing sekti uga ora gelem kalah karo liyane, sahingga padha nunjuke
kesaktiane kayata ana sing bisa nyemplungke gunung ginawa ana segara. Ana uga
sing bisa nyigar gunung dadi loro. Kabeh Wadyabala iku dipimpin karo Bathara
Wisakarma saka undhagine Bathara Endra. Gunung-gunung sing luwih gedhe kayata
Andhasari bisa ditibani karo watu-watu sing diuncalke karo wadyabala. Nanging
nalika para wadyabala iku padha ngusungi watu, ujug-ujug ana pepalang sing teka. Pepalang iku ngakibatke akeh para
wadyabala sing padha mati. Saka kedadeyan mangkono, ana sing lapur marang Prabu
Sugriwa. Amarga tanggep marang beBajuln sing nimpa wadyabalane, Sang Koda
Wibisana mra kanggo mriksa segara. Ing egara, dheweke weruh ana yuyu raksasa
sing ngrusak tambak. Banjur, Dheweke lapur marang Sri Rama yen sing ngrusak
tambak wadyabala iku yuyu ditya Sayungsrani utawa yuyurumpung sing wujud asline
Prabu Dasamuka. Ratu yuyune iku Dewi Rekathayaksi sing manggon aja
Tirtakadhasar. Yuyurumpung iku sekti banget. Nanging, bisa dikalahke yen wis
mentas ana dharatan. Saka mangkono, Sri Rama nanggepi omongane Prabu Sugriwa.
Banjur, Dheweke ngutus Anoman.
Banjur, Sang Bayuputra gawe cara supaya
bisa mancing yuyurumpung iku mentas ana dharatan. Saka mangkono, Dheweke
nyelupke buntut iku. Asile, Yuyurumpung bisa kepancing lan bisa mentas ana
dharatan. Para wadyabala sing wis siap-siap mau langsung ngrubut yuyurumpung.
Banjur, Jaya Anggada njunjung pucukane gunung lan langsung dientebake marang
Yuyurampung. Yuyurampung iku mati.
Sawise Yuyurampung iku mati, Para
wadyabala neruske maneh tugase yaiku nambak segara. Gunung-gunung sing ana ing
dhasaran segara uga bisa ditindihi karo watu-watu sing diuncalke para
wadyabala. Segara-segara sing maune kawujud banyu, saiki bisa diubah karo para
wadyabala dadi wujud tambak raksasa. Tambak Raksasa iku nyigar segara saka
pesisir lor sukuning gunung Mahendra notog pesisir kidul perenging gunung
Suwela bumi Ngalengka. Banjur, Tambak raksasa iku disebut Situbandalayu utawa
Setubandatbuta.
Sri Ramawijaya mriksa kahanan ana
segara. Dheweke lunga menyang segara numpak tandhu sing diusung kara Para
wadyabala. Nalika tekan segara, Dheweke dolanan ana pinggiraning segara.
Nanging, ujug-ujug ana Bajul sing nyaut tandhune sing ditumpaki dheweke. Saka
kedadeyan mangkono, anoman nyaut Sri Ramawijaya supaya ora kena bebayan.
Sahingga Bajul iku namung bisa nguntal tandhu mau.Prabu Sugriwa krungu yen ana
gegeran kethek Saraba. Kethek Saraba iku ngamuk amarga bajul iku ngaku dadi
Saraba.
Nalika Kethek Saraba lagi mepe ana
pasisiring pasir. Dheweke weruh ana rombongan saka Sang Baliputra. Dheweke
langsung banda Prabu Sugriwa. Nanging, Prabu Sugriwa malah langsung balik banda
tangane Saraba. Prabu Sugriwa arep nebas gulune kethek Saraba amarga kethek
Saraba iku wis wani nyoba mateni Sri Ramawijaya. Nanging nalika arep ditebaske
gulune, Raden Wibisana menging Prabu Sugriwa supaya ora nebas gulune kethek
Saraba amarga kethek Saraba iku dudu Saraba nanging Bajul Saraba iku sejatine
Prabu Rawana sing namung diutus Prabu Dasamuka kanggo mateni Sri
Ramawijaya.Saka pepenginge Raden Wibisana, Prabu Sugriwa nguculke kethek Saraba
iku. Banjur Kethek Saraba nyemplung banyu.
Saka njroning banyu, Kethek Saraba iku
arep lapur menyang ratune yen dheweke weruh ana bajul raksasa. Nalika nembe
mlaku, dheweke gelut karo raksasa Saraba. Nanging, amarga kewalahan kanggo
ngalahke Raksasa Saraba amarga kanggo ngalahke Bajul iku ana ing banyu, ora
kena dianggep sepele. Banjur, Kethek Saraba iku langsung mlayu menyang dharatan
mancing Bajul ikumentas saka banyu supaya bisa ngalahke Bajul iku. Ana ing
dharatan, Bajul Raksasa iku bisa kepancing lan melu mentas ana ing
dharatan.Nanging, Bajul iku kewalahan ngadhepi Kethek Saraba apa maneh para
wadyabala ngewangi kanggo nyerang Bajul iku. Banjur, Bajul iku disawatake
marang segara dadi panganane iwak.
Sawise bisa ngalahke Bajul iku, Sri
Ramawijaya ngutus Prabu Sugriwa supaya nguculke wadyabala kanggo Ngalengka
ngliwati Setubandalayu. Wadyabala sing cacahe ana watara satusan yuta kae
mangkat saka pesisiring segara Mahendra. Kethek Susena sing mimpin Para
wadyabala iku. Sri Ramawijaya, Raden Laksamana, Sugriwa lan Raden Harya
Wibisana melu prajurite Raden Jaya
Anggada, Raden Anoman, Kethek Anila lan Jembawan.
Rombongan-rombongan iku ngliwati
Setubandalayu. Nalika ngliwati, saka kulonan ana bledug sing kumebul, ana yayah
ombak segara saka loran.Ing gunung suwela, wis akeh wadyabala. Mila, sing isih
ana ing Gunung mahendra ngenteni selaning barisan saka ngarepan. Bumi Ngalengka
wis dikebeki karo wadyabala. Gunung Suwela sing dhisike katon gedhe iku, saiki
wis ora katon maneh. Saka crita mangkono, barang ala bisa dikalahke karo budi
utama.
Sumber : Panjebar
Semangat No. 35 29 Agustus 2009