Bektiku Kanggo
Pepundhen
Dening : Wisnu Sri
Widodo
Eyang Antaboga
ngarahake serangane menyang bangkekanku. Aku ora niyat endha, nanging dak
tangkis srana kekuwataning tangan. Aku lane yang Hanantaboga wis padha-padha
adus kringet. Sebab gladhen ulah kanuragan iki wis lumaku rada suwe. Eyang
pukulun bathara Antaboga gumujeng, banjur ngejak leren ing papan kang kepenak.
Aku kelakon weruh padhang hawa jer sasuwene iki aku tansah urip ana kasatriyan
Puser bumi klebu wewengkon kahyangan Sapta pretala. Bareng aku teka madyapada,
jebul jumedhul ing sacedhake bengawan Jamuna. Nadyan ing Puser bumi ora ana
barang sing wujude kaya ngono iku, nanging eyang bathara Antaboga nate nuduhake
gambar sing memper kaya kuwi jarene jenenge prau. Wanita ayu iku Wara Sembadra
garwane raden Janaka. Nalika aku genti ditakoni ya omong bares, yen aku iki
putrane rama Werkudara patutan saka ibu Nagagini.
Nengah-nengahi aku
sakloron bandayuda, bulik Wara Sembadra bengok-bengok misah lan ndunungake.
Jare aku sakloron iki isih kakang adhi, padha-padha putrane kanjeng rama
Werkudara. Iki mau jare adhiku Gathutkaca salah tampa, dikira aku sing mateni
bulik Wara Sembadra, mangka nyatane malah aku sing nguripake. Bulik ngendika
bares, satemene sing mateni panjenengane iku siwa Burisrawa satriya ing
Pambutulan. Kaleksanan aku kelakon sungkem marang ngarsane rama haria Werkudara
lan bektiku kanggo para pepundhen. Sawise bulik Wara Sembadra nyritakake, cetha
yen sing mateni panjenengane iku siwa Burisrawa. Mula para pepundhen Ngamarta
banjur miji aku lan adhiku Gathutkaca kinen ngoyak maling aguna. Sawise siwa
Burisriwa kecekel, dakpasrahake para pepundhen, mangsa borong kerampunganing
pengadilan.
Aku seneng dumunung ana
kutharaja Ngamarta, utamane ana kasatriyan Jodhipatidaleme bapakku. Luwih
krasan maneh ana Ngamarta iki jalaran aku kepencut Kenya ayu putrine paman
Janaka, arane dewi Pregiwati. Emane mbakyune, dewi Pregiwa wis digarwa yayi
Prabu Gathutkaca. Yen kelakon aku nggarwa yayi Pregiwati, bisa ana lelakon kaya
sing ditembungake ‘Dhadhung kepuntir’, tegese mbakyune oleh adhiku lan adhine
oleh aku. Nadyan wis oleh dhukungan moril saka rama Werkudara apadene paman
Janaka, luwih-luwih yayi Pregiwati dhewe yaw is mathuk, nanging kanggo kelakone
ngrabi putri ayu iku uga kudu ngliwati perjuwangan abot. Awit kakang Lesmana
Mandrakumara lan akeh banget para raja mudha lan satriya ngamanca uga padha
ngayunake yayi Pregiwati. Gandheng sajake wis pinesthi jodho, mula aku ya
kelakon binoja winiwaha kalawan yayi Pregiwati. Malah nalika aku peresmian
perkawinan karo yayi Pregiwati, ibu Bathari Nagagini lan eyang Bathara Antaboga
uga kepareng rawuh, paring pangestu marang sarimbit. Saliyane yayi Pregiwati
emoh dak boyong menyang Puser bumi, jare urip kok kaya gangsir ana njero lemah,
ana Ngamarta aku ya diparingi tugas melu njaga katentremaning negara lan
kutharaja Ngamarta.
Olehku jejodhowan karo
yayi dewi Pregiwati atut runtut tanpa sambekala. Teka titi wancine jabang bayi
lahir, metu lanang, dakjenengake raden Danurwenda. Para pepundhen Pandhawa
jebul diapusi para kadang Kurawa jroning lelakon ‘Kasukan Dhadhu’. Saka pokal
pokile patih Sengkuni, para Pandhawa padha kalah nganti ngetohake negarane.
Wekasan para pepundhen Pandhawa kudu padha ngalami ukum buwang rolas tahun
lawase ana alas Kamiyaka. Sabubare iku kudu ndhelik menyang ngamanca praja sing
ora nganti konangan utawa kecekel salah siji wae, para Pandhawa kudu mbaleni
ukuman saka wiwitan. Ya merga lelakon iku, sing marahi negara Ngamarta kanggo
sauntara dikuwasani dening para Kurawa, kapeksa sisihanku yayi Pregiwati lan
anakku Danurwenda dak boyong menyang kasatriyanku ing Puser-bumi. Nadyan ana
kasatriyan Puser-bumi lan ing kahyangan Sapta-pretala aku sabrayat antuk
pengayoman lan rinangkul katresnane ibu Bathari Nagagini lane yang Bathara
Antaboga, nanging aku sabrayat tetep ngarep-arep kapan tekane wektu negara
Ngamarta bali dadi duweke para pepundhen Pandhawa. Aku krungu kabar yen para
pepundhen Pandhawa wis padha timbul, dumunung ana negara Wiratha. Ana kabar
maneh para pepundhen kirim duta nganti ping telu njaluk bali negara Ngamarta
saka para Kurawa. Nanging Kurawa puguh ora menehake. Wekasane perang
Bharatayuda Jayabinangun enggal bakal kelakon ana ing Tegal Kurusetra.
Aku yakin yen kanthi
mengkene aku mesthi bisa urun udhu kemenangan kanggo para Pandhawa. Sawise aku
pamit eyang, ibu, yayi Pregiwati lan anakku Danurwenda, aku nuli budhal menyang
madyapada, utamane jumuju menyang Tegal Kurusetra, papane kanggo ajang perang
Bharatayudha. Aku jumujug pesanggrahan Hupalawiya papan ngasone para pepundhen
Pandhawa. Sawise aku ngaturake bekti kanggo para pepundhen, aku nuli matur
terus terang yen kepengin nambah kekuwataning Pandhawa minangka bektiku kanggo
pepundhen. Aku matur terus terang yen sangu siunge eyang Antaboga, khasiyate
sapa sing digarit tilas tlapakane srana siung iku mesthi mati.
Sumber : Panjebar
Semangat 21 – 27 Mei 1995