Asal Usul Kedunggalar - Ngawi
Kira-kira ana ing wangsanan 1830, Pangeran Diponegoro ora setuju karo wewenange
Walanda. Dheweke nglarang Walanda supaya ora nindak sakarepe dhewe amarga
Dheweke nganggep yen Walanda namung nyengsarakne rakyat. Pangeran Diponegoro ditangkep
menyang Makassar amarga Pangeran Diponegoro ora mungkasi anggone dheweke
nglawan Walanda. Mila, para pandhereke padha kocar-kacir, kaya sapu sada
kelangan suh. Sabageyan pandhereke ana sing banjur teluk marang mungsuh,
sabageyan maneh padha mlayu sumebar dhewe-dhewe. Pandhereke ana sing mlayu menyang
mangetan lan ana sing mlayu mangulon sing baku bisa umpetan lan supaya ora
kecekel Walanda lan anthek-antheke.
Ana sapantha pandhereke Pangeran Diponegoro cacahe selawe. Sapantha pandhereke
Pangeran Diponegoro sing cacahe selawe mau mlayu ana mangetan. Nanging, nalika pandhereke Pangeran
Diponegoro sing cacahe selawe mau lagi tekan sukuning gunung Lawu sisih lor wis
kadenangan dening prajurit Kasunanan sing bebantu marang Walanda.
Wasanane prajurit Diponegoro sing mung cacah selawe kuwi ditumpes, meh
kabeh nemahi pati ing paprangan sing ora timbang kuwi. Nanging, pranyata isih
ana sing bisa lolos saka pepati yaiku Ki Sungsang lan Ki Karang. Wong loro iku
banjur mlayu menyang mangetan golek slamet lan ngiras pantes ngrungokne
pawarta. Manawa-manawa ana kraman sing mungsuh Walanda, karepe yen ana arep
melu nyawiji ing barisane kraman mau kanggo mbales lara wirange.
Ki Sungsang lan Ki Karang wis ana ing Magetan. Ing Magetan, Ki Sungsang lan
Ki Karang ngenteni kabar. Wis ana pirang-pirang sasi Ki Sungsang lan Ki Karang
ana ing kana. Nanging nganti pirang-pirang sasi iku, kabar anane
kraman kang mungsuhi walanda babar pisan ora ana. Banjur, Ki Sungsang lan Ki Karang
ngaleh saka Magetan. amarga Ki Sungsang lan Ki Karang ora oleh kabar kraman
mungsuh Walanda.
Banjur saka Magetan, Ki Sungsang lan Ki Karang mlaku menyang arah ngulon. Ki
Sungsang lan Ki Karang weruh ana Kedung ing Salah sawijing Desa. Banjur, Ki
Sungsang lan Ki Karang padha leren ing sapinggiring kedhung iku. Ing Kedhung
iku, Wong loro padha rembugan yen kanggo ngumpulne kekuwatan lumawan Walanda
ora bisa mlaku ngono kuwi, malah kepara luwih becik babat alas mbukak desa,
mbok Manawa kanthi mangkono bakal akeh wong sing teka menyang papan kana lan
bisa diajak nyusun kekuwatan kanggo lumawan mungsuh bebarengan.
Ki Sungsang lan Ki Karang babat alas mbukak desa. Ki Sungsang lan Ki Karang
babat alas lan mbukak desa kanggo nyusun kekuwatan kanggo lumawan mungsuh
bebarengan. Mila, saben Nalar utawa pikiran kang mangkono mau banjur diwujudake.
Saka desa ning desa, Ki Sungsang lan Ki Karang babat alas lan mbukak Desa.
Banjur, Ki Sungsang lan Ki Karang klakon bisa mbabat alas lan yasa desa.
Kanggo ngeling-eling tinemune gagasan kang mangkono mau, desa anggone asil mbabat
alas kuwi ditengeri klawan jeneng Desa Kedhunging Nalar. Jeneng Desa Kedhunging
Nalar iku dijupuk saka tinemune gagasan Ki Sungsang lan Ki Karang sapisanan kang
mapan ing sacedhaking Kedhung. Ing Kedhung kana uga, Ki Sungsang lan Ki Karang banjur
nemu nalar kanggo babat alas.
Ora suwe anggone Ki Sungsang lan Ki Karang wis bisa mbukak Desa kanthi
sebutan Desa Kedhunging Nalar kuwi, banjur akeh wong padha mara utawa padha
neneka melu mbubak alas ing kana lan kabehe iku dadi andhahane Ki Sungsang lan
Ki Karang.
Wiwit saka dina iku, Ki Sungsang lan Ki Karang salin jeneng kanggo
nyingidake jati dhirine ben ora konangan dening Walanda. Ki Sungsang salin
jeneng dadi Ki Ambyangkara dene Ki Karang Salin jeneng dadi Ki Modangkara.
Saya dina Desa Kedhunging Nalar saya reja, saya akeh wong sing mara ngedhek
omah ana ing kana. Owah gingsire wong ngarani Desa iku sing ndhisike saka Desa Kedhunging
Nalar ngalih jeneng dadi Desa Kedunggalar.
Anuju sawijining dina, Ki Ambyangkara lan Ki Modangkara ketekan tamu. Tamu
iku jebul kancane jaman ndherek pangeran Diponegoro biyen aran Ki Samun Ki Samun banjur nyawiji karo wong loro iku
mau. . Ing Desa Kedunggalar, Ki Ambyangkara, Ki Modangkara lan Ki Samun
rerembug babagan cara kan luwih becik ngumpulne
kekuwatan kanggo lumawan Walanda iku babat
alas mbukak desa. Ki Samun dicariyosaken anggone Ki Ambyangkara lan Ki
Modangkara babat alas kanthi asile babat alas mbukak desa iku dadi jeneng Desa
Kedunggalar.
Ki Samun uga babat alas mbukak desa. Nanging, anggone Ki Samun babat alas
rada mengalor. Ki Samun babat alas kang akeh wite Plasa. Ing kana, Ki Samun
nebangi wit-wit Plasa. Mula, Ki Samun wenehi jeneng panggonan iku Dhusun
Plasareja (Plosorejo). Ki Samun uga nglumpukake kayu-kayu sing wis ditebangi lan
kayu-kayu iku ditumpuk ing pinggir kali kanggo digawe areng. Papan kanggo
numpuk kayu sing digawe areng mau wekasane dadi Dhusun Ngarengan (saka tembung
nggon areng). Sawise babat alas mangkono, Ki Samun uga salin jeneng malih dadi Ki
Wangsasepi.
Bareng wis akeh wong sing padha neneka ing Desa Kedunggalar, ing Dhusun Plasareja
uga wis akeh wonge, Ki Wangsasepi banjur ngajak kanca-kancane ( Ki Ambyangkara
lan Ki Modangkara) mangun kraman maneh. Nanging, Ki Ambyangkara duwe
panemu yen durung wayahe kanggo lumawan Walanda awit saka durung duwe kekuwatan
sing cukup. Anggone padha adu panemu mau nganti suwe, saben-saben Ki
Ambyangkara tansah sumaur yen durung wayahe.
Mula Ki Wangsasepi banjur takon :“Aku bingung karo kowe, Bolak-balik kok kowe iki ngomonge durung wae,
jane ngono kuwi durung apa ora?”.
“Urung-urung!” wangsulane Ki Ambyangkara rada sora.
Saka wangsulane Ki Ambyangkara mangkana, Mila papan anggone padha adu
panemu kuwi saiki karan Dhusun Urung-Urung. Ki Wangsasepi sing isih rada kuciwa
athine kuwi banjur nglungani mlaku mangulon.
Nalika Ki Wangasepi mlaku mangulon, Ki Wangasepi weruh ana kepalang kali
sing lagi banjir. Ki Wangsasepi banjur grenengan : “wow tibake ana Kali sing
lagi banjir..…..” Saka mangkana, Mila papan ing kana kuwi saiki karan Dhusun
Kaliwowo.
Sawise weruh ana kali sing lagi banjir iku, Ki Wangsasepi banjur
mlaku mangalor. Lajeng, Ki Wangasepi leren ing sacedhake kedhung. Ing Kedhung,
Ki Wangasepi melengake pikir supaya ora kebacut gela. Jarene Simbah-simbah
ndhisik, Anggone Ki Wangasepi malengake mikir supaya ora gela kesuwen.
Saka anggone Ki Wangasepi malengake mikir kesuwen ana ing Kedhung iku, Mila
ing Pungkasaning Crita Papan ana kana kuwi saiki diarani Kedhung Mileng.
Kedhung Mileng yaiku kedhung sing kondhang gawat semu wingit ing Desa
Kedunggalar.
April 3, 2020 at 11:07 AM
Ini kisah nya dari mana ya om ngambil referensi nya