Rikala zaman samono, ana kadipaten sing manggone ana
pinggiraning alas jati. Aran kadipaten
iku Kadipaten Tunggul. Rakyat Kadipaten Tunggul akeh sing nandur pari ing sawah
lan nandur palawija ing kebon, lajeng asile didol kanggo nyukupi uripe.
Kabeh rakyat Kadipaten Tunggul reja, ora ana kirangan panganan,
amarga ing alas kana isih akeh kidang, lan rakyat ing kana uga angon wedhus,
sapi lan kebo. Mila ora kaget yen rejane rakyat Kadipaten Tunggul kondhang ing
jaba Kadipaten Tunggul. Kadipaten Tunggul dipimpin karo Tumenggung Malang
Negara. Tumenggung Malang Negara kondhang karo Aji Mandraguna. Tumenggung
Malang Negara uga nduwe wibawa sing dhuwur ing rakyate.
Para abdi lan Rakyat Kadipaten Tunggul padha subasita karo
Tumenggung Malang Negara. Kabeh printah Tumenggung Malang Negara bakal
dituruti. Tumenggung Malang Negara adil nalika mimpin, yen rakyate salah, bakal
diukum. Nanging, yen rakyate nduwe jasa marang Kadipaten, Tumenggung Malang
Negara bakal wenei hadiah. Tumenggung Malang Negara uga ora tau nindak sakarepe
dhewe sing bisa dadi sengsarane rakyat. Mila, Rakyat Kadipaten Tunggul cedhak
karo Tumenggung Malang Negara. Saben dina, Tumenggung Malang Negara dadi
rerembugane lan dadi teladan kanggo para abdi lan rakyat Kadipaten Tunggul.
Akeh rakyat saka jaba Kadipaten Tunggul sing mara ing Kadipaten
Tunggul, mulane wong-wong menika nyambut gawe kanggo urip, nanging saya suwe
malah akeh sing netep dadi Rakyat Kadipaten Tunggul.
Rupane, Saya suwe rakyat Kadipaten Tunggul serik athine amarga
ora bisa ngukuli rejane Rakyat jaba sing urip ana ing Kadipaten tunggul. Mila,
Rakyat Kadipaten Tunggul golek cara supaya suasane Kadipaten Tunggul mawut,
supaya ora ana wong-wong sing mara Kadipaten
Tunggul maneh.
Saben dina ana wae mata-mata sing nylusup ana Kadipaten Tunggul.
Nanging, mata-mata iku mesthi gagal amarga aji-ajine Tumenggung Malang Negara
lan Para Abdine. Saka gagale nylusup Kadipaten Tunggul, ora ngalangi niate
mata-mata ngancurne Kadipaten Tunggul. Mata-mata ora tau mandheg golek cara supaya bisa ngancurke
Kadipaten Tunggul.
Ana salah sawijining tengah, suasana istana Kadipaten Tunggul
dadi sepi. Nalika Tumenggung Malang Negara lagi tekan istana sawise mlaku-mlaku
nglilingi Kadipaten, Tumenggung Malang
Negara weruh ana klibatan ing panggonan kerjane. Tumenggung Malang Negara siaga
karo kerise, lajeng dheweke marani mata-mata sing mlebu ana istana kadipaten.
Nanging, amarga mata-mata menika licik uga nyadari yen Tumenggung Malang Negara
menika ora tandhingane, dadi mata-mata iku mlayu nuju kolam sing ana ing
andheng istana Kadipaten. Sadurunge mlayu, mata-mata iku ndeleh layang ana ing meja kerjane Tumenggung
Malang Negara.
Tumenggung Malang Negara murka amarga ora bisa nangkep mata-mata
iku. Lajeng, dheweke mara ana ing meja kerjane lan nemu layang. Banjur dheweke
kageit nalika maca layang iku. Mata-mata iku nulis, yen mata-mata iku ngancem
keselamatan kaluwargane Tumenggung Malang Negara. Dheweke kuwatir karo
keslamatan kaluwargane. Nanging, dheweke ora bisa bongkar rahasiane iku karo
wong-wong sadurunge dheweke oleh wektu sing pas.
Sawise pirang-pirang dina Tumenggung Malang Negara golek cara
supaya bisa nylameti kaluwargane, Tumenggung Malang Negara manggihi abdine sing
setia. Abdine iku jenenge Ki Kramadamangsa. Tumenggung Malang Negara wis
nganggep Ki Kramadangsa mitrane.
Mila, dheweke crita kahanan sing
lagi dheweke adepi karo Kramadangsa. Tumenggung Malang Negara uga njaluk
pendapat datheng masalah iku.
“Kramadangsa, ana bebayan kang nimpa kadipaten Tunggul.” Ujare Tumenggung
Malang Negara nalika Ki Kramadangsa ngadhep Tumenggung Malang Negara.
“ Sendika gusti.. bebayan menapa ingkang gusti padosi?”
pitakonan Ki Kramadangsa.
Lajeng, Tumenggung Malang Negara nyritakake kadadeyan nalika
dheweke tekan istana. Dheweke weruh ana klibatan wong sing ujug-ujug ilang
amarga wong iku ngonangi tekane Tumenggung Malang Negara. Tumenggung Malang
Negara uga nemu layang sing diseleh ana ing meja kerjane.
“Gusti... Menawi kula diparingi ijin, kula saged mbiyantu kangge
ngrewangi gusti nylamati Kadipaten Tunggul saking bebayan menika supados
Kadipaten Tungul saged tentrem malih.” Ujare Ki Kramadangsa.
Lajeng, Tumenggung Malang Negara wenehi layang iku karo Ki
Kramadangsa.
“Kramadangsa.. Mata-mata iki bebayan banget. Awekdhewe ora bisa
nganggep enteng. Awakdhewe uga kudu nduwe cara supaya bisa nglawan mata-mata
iku lan cara iku ora bebayani wong liya.” Wangsulane Tumenggung Malang Negara
“Wah.. leres gusti.. mata-mata menika boten saged dianggep
sepele. Yen salah nindak, bisa bebayani wong liya. Bejane, gusti saged ngonangi
mata-mata menika. Mila, mata-mata menika ora bisa nindak ala kang bebayani wong
liya.” Ujare Ki Kramadangsa
“Gusti.. Gusti menika Raja ingkang sekti, menapa panjenengan
boten nangkep mata-mata menika?” pitakone Ki Kramadangsa.
“Kramadangsa..Mata-mata iku pancen sekti. Sadurune dak sergap,
mata-mata iku wis ngilang sawise njegur kolam kae.” Wangsulane Tumenggung
Malang Negara.
Ki Kramadangsa nunduk amarga dheweke penasaran banjur krungu
critane Tumenggung Malang Negara.
Dheweke uga ngakoni kasaktiane mata-mata iku bisa mlebu ana Istana.
Banjur Tumenggung Malang Negara wenehi printah Ki Kramadangsa
sawise dheweke mikir.
“Kramadangsa..amarga mata-mata iku bisa mbebayani kaluwargaku
lan Rakyatku, aku mrintah kowe supaya bisa nindakake tugas rahasia iki.”
“Kula siap nindakaken printah Gusti Tumenggung.” Wangsulane Ki
Kramadangsa marang Tumenggung Malang Negara.
Ora suwe, lajeng Tumenggung
Malang Negara mrintah Ki Kramadangsa kanggo siap-siap nindakaken tugas saka
dheweke. Tumenggung Malang Negara mrintah supaya Ki Kramadangsa mrintah kadipaten
Tunggul ing panggonan sing anyar.
“ Kramadangsa.. amarga
mata-mata iku ngilang saka kolam iki. Mila, kanggo dadi pepeling kanggo anak
puthuku, kolam iki dak wenehi jeneng Kedhung Maling. Kowe ya kudu eling demang,
rencana pindahe iki rahasia banget. Mila aja sampe ana sing weruh sadurunge ana
asil sing apik saka rencana iki.” Printah Tumenggung Malang Negara.
“ Sendika Gusti...“ Ki
Kramadangsa nyanggupi printah Tumenggung Malang Negara.
“ Demang.. elinga.. rencana iki pancen rahasia banget. Nanging,
yen ana sing weruh banjur takon marang awakmu, wangsulana wae yen kowe
arep ngawiyat (pindah ing angkasa).”
Tumenggung Malang Negara menehi pesen sadurunge Ki Kramadangsa pamit saka
dheweke lan siap-siap kanggo nindakaken tugas.
“Gusti Tumenggung..Kenging menapa kula kedah mangsuli kaya
mangkono?”
“Demang.. Istana
kadipaten iki luwih tentrem lan reja.
Uga, ora ana bebayan sing marai sengsarane wong-wong sing manggoni, amarga
panggonan Istana saiki ana ing panggonan sing luwih dhuwur lan akeh ditanduri
wit awi sing ana ing pinggiring Bengawan Sala.” Wangsulane Tumenggung Malang
Negara.
Nalika Tumenggung dan Ki Kramadangsa rerembukan, Jebule, Nyai
Tumenggung nginceng lan ngrungakaken rerembukan garwane lan Ki Kramadangsa.
Sawise Ki Kramadangsa
lunga, Nyai Tumenggung takon rerembukan mau amarga dheweke penasaran. Lajeng,
Tumenggung Malang Negara kepeksa alon-alon mangsuli pitakonan saka Nyai
Tumenggung. Banjur wis dicritakake, Nyai Tumenggung lunga menyang taman.
Ing sawijining dina, Ki Kramadangsa bisa mindah Kadipaten Tunggul
ing panggonan sing anyar. Lajeng, dheweke lapur marang Tumenggung Malang
Negara.
Banjur Ki Kramadangsa bisa mindahake Kadipaten Tunggul ing
panggonan anyar sing luwih dhuwur, akeh wong-wong sing mara ing Kadipaten sing
anyar. Saya suwe kadipaten sing anyar saya tentrem lan reja. Ora ana bebayan
sing kaya diwedeni mbiyen. Saben dina,
wilayah Kadipaten sing dipanggoni Rakyat saya amba lan kabeh Rakyat uga saya
makmur. Mila, Rakyat saya suwe saya subasita karo Tumenggung Malang Negara.
Lajeng, Tumenggung Malang Negara wenehi jeneng Kadipaten sing
mulane diarani Kadipaten Tunggul, malih dadi Ngawiyat. Ngawiyat nduweni teges
panggonan sing dhuwur lan akeh tanduran wit awi. Nanging, saya suwe Ngawiyat
owah dadi Ngawi sing saiki diarani Kutha Ngawi.
Sumber : Tarmadji dan Hardo Sayoko