Geger Suralaya (Wisnu Sri Widodo)
Ing negara Himapura ana raja sing
mimpin yaiku Srinata. Raja iku julukane Prabu Ndaruwardaya. Nalika semana, Prabu Ndaruwardaya kepengin nggarwa salah
sijine widadari kaswargan, yaiku Bhatari Supraba. Saka penginaneiku Banjur, Dheweke mrintahPatih
Udan Agung supaya gawa prajurit-prajurit sing bakal diutus nemoni Hyang Pramesthi Guru kanggo dadekke Bhatari
Supraba permaisurine. Nanging, yen dewa ora gelem nuruti prajurit-prajurit iku
diutus gawe suralaya. Prabu Ndaruwardaya uga ngutus Si Emban supayabubarne
pasewakan nalika dheweke balik dadi raja ing Keraton.
Patih Udan Agung mara menyang
pasewakan njaba. Ana ing pasewakan njaba, Ki Lurah Togog Tejamantri ngundang prajurit-prajurite. Banjur, Dheweke
munggah menyang panggung kanggo
nggoyangke Gentha Kekeleng. Saka ujare mau, prajurit cilik ngomong karo
kanca-kancane supaya melu nglakoni sing padha dilakoni karo wong agung. Ki
Togog Tejamantri mudhun saka panggung, banjur ngadhep menyang patih Udan Agung
ditututi karo prajurit-prajurite. Patih
Udan Agung nyampeke pesene Prabu Ndaruwardaya. Banjur wis nyampeke, Patih Udan
Agung lan rombongane ninggalke Kutharaja. Rombongan-rombongan iku ngliwati
tegal uga alas. Banjur, munggah gunung Jamurdipa.
Nalika tekan Jagad Sunya-ruri yaiku
sing panggone ana ing Lokantara sekitare Tengguru uga isih ana ing Jamurdipa
puncake Mahameru, Rombongan menika nemoni Kahyangane Para Jawata. Kahyangane
iku diarani Argodumilah, Tejamaya, Suralaya uga Jonggringsaloka. Saka karepe
yasa, Kahyangan iku kena sunare Candra Kartika. Sahingga, kanggo mbedake awan
lan wengi radha kangelen. nanging amarga rasa luhur, para cinedha padha bubar sampurna.
Sumber : JAYA BAYA NO. 13 . MINGGU IV NOPEMBER 2011