Cerita Ki Ageng Selo
Rikala zaman semono ing desa Sela, Ki Ageng Sela
sing kondhang karo ajine yaiku bisa nakluke gludug. Ki Ageng Sela turunaning
Majapahit sahingga dheweke isih termasuk anak-putu Brawijaya. Nadyan mangkono,
dheweke ora gelem gantung uripe marang
kaluwargane.
Ki Ageng Sela berasal dari Purwodadi tepatnya
di daerah Tawangharo. Dia merupakan keturunan dari kerajaan Majapahit sehingga
dia dapat dikatakan sebagai anak-putu Brawijaya. Walaupun dia merupakan keturunan kerajaan
Majapahit, namun dia tidak mau bergantung. Dia ingin mencari jati dirinya
sendiri.
Ki Ageng Sela nduweni jeneng luwih saka siji
ing uripe. Sing kepisan nalika dheweke isih enom,jeneng Ki Ageng Sela
yaiku Bagus Songgom. Banjur, dheweke nduweni jeneng Si Abdul Rahman.
Dheweke dijenengi Si Abdul Rahman amarga dheweke dianggep sesepuh karo
masyarakat. Jeneng Ki Ageng Sela dhewe
diwenehi ning dheweke amarga dheweke nduweni akal sing apik utawa susila/Sela.
Ki Ageng Sela memiliki nama lebih dari satu
selama hidupnya. Yang pertama ketika dia muda, Ki Ageng Sela bernama Bagus Songgom, yang kedua bernama Ri karena dia merupakan anak-putu trah majapahit, yang ketiga
bernama Si Abdul Rahman karena dia dianggap sebagai sesepuh oleh masyarakat.
Nama Ki Ageng Sela sendiri atau Ki Gede Sela diberikan kepadanya karena semasa
hidupnya dia memiliki akal budi yang baik atau susila/Sela.
Kawit cilik, Ki Ageng Sela wis dadi wong tani
sing ulet. Kebukti nalika dheweke ngolah sawah saka omahe mangulon watara 300
meter, dheweke bisa nandur cepet.
Ki
Ageng Sela merupakan seorang petani yang ulet, itu sudah terlihat ketika dia
masih remaja. Terbukti, ketika dia
bertani dia dapat mengolah tanah kearah barat dari rumahnya hingga sekitar 300
meter dalam menanamnya pun sangat cepat.
Selawase
urip, Ki Ageng Sela cedhak banget marang Gusti Allah. Kebukti, nalika dheweke
lagi nandur dheweke diganggu karo gludug. Ki Ageng Sela anyel amarga ngrasa
keganggu karo gludug iku. Banjur, dheweke nantang gludug iku kanggo gelut.
Dheweke njaluk gludug iku nduduhi wujud asline. Banjur, ana mbah-mbah kakS;ung
sing ngadheg ana ngarepe Ki Ageng Sela. Rupane, mbah kakung iku wujud saka
gludug mau. Banjur, Ki Ageng Sela gelut karo mbah kakung iku. Akhire, Ki Ageng Sela
bisa angalahke Mbah Kakung iku. Sakwise bisa ngalahke gludug iku, Ki Ageng Sela
naleni gludug iku nganggo godhong jarak. Sakwise ditaleni, Ki Ageng Sela gawa
gludug iku menyang omahe nganggo wit gandri.Nalika tekan omah, Ki Ageng Sela
ndheleh gludug iku ing mburi omahe (sing saiki dadi makam Ki Ageng Sela).
Kabar Ki Ageng Sela sing bisa naleni lan gawa
bali gludug iku krungu tekan Sunan Kalijaga. Banjur, Sunan Kalijaga ngangkon Ki
Ageng Sela gawa gludug iku ning Demak.
Dheweke ngangkon Ki Ageng Sela gawa gludug supaya Demak bisa keadoh saka mala.
Nalika krungu panjaluke Sunan Kalijaga, Ki
Ageng Sela nrima panjaluke Sunan Kalijaga. Banjur, dheweke gawa dhewe percikane
gludug iku sing sakdurunge wis ditaleni saka omah.
Nalika tekan alun-alunDemak. Rupane, tekane
Ki Ageng Sela barengan karo wafate Patiunus (1521 SM). Banjur, Ki Ageng Sela
menehi kurmat marang para Wali sing
nalika iku ana ing alun-alun Demak. Sakwise mangkono, dheweke melu neruske pemakamane
Patiunus (sing saiki dadi Ombor-ombor).
Nalika Ki Ageng Sela tekan Demak, Ki Ageng Sela
nggambar naga ing ngarep masjid Demak tepate ana ing gerbang utama. Nalika
dheweke durung bubaran nggambar, rupane ana mbah wadon sing gebyur gambar iku.
Banjur, krungu swara gludug banter. Sahingga, gambar sing digambar Ki Ageng Sela
iku ora rampung amarga mahluk-mahluk iku lunga dhewe.
Percikane gludug sing digawa Ki Ageng Sela
iku digunakake nalika Grebeg Maulud. Tungku sing digunakake iku tungkune Joko
Tarub. Banyu sing dienggo banyu saka sendhang lan sing masak iku Nawang Wulan.
Saiki, Percikane gludug mau isih digunakake
nalika ana event-event Mataram.
Misale, Grebeg Maulud, Grebeg Sura,lsp.
Ing
crita Ki Ageng Sela, KiAgeng Sela ninggalake pepali kanggo anak-putune.
Sumber Juru kunci makam Ki Ageng Sela (Desa Sela).
November 6, 2014 at 8:54 PM
Keep post about history... Lalala...yeeeyeeeyeee