twitter



WAHYU DWI HASTA
Dening : Bambang P

        Dwi candra tumekan alam dwi panunggal, tri candra ing alam trilokamaya kang uga winastan alam Gondar-gandir, alam keliwat gawat ingkang minta wewekaning rena. Tulus lestari gya ngambah alam Catur Hangga Hanggajati, wulagang ing guwa garba, dinayan ing srining bumi, banyu, geni, miwah angin. Tinampi samadinira, kapyarsa lamat swara dumeling sasmita wasitaning Sang Kwaseng Gesang.
Begawan Dwihasta mak plas ilang saka pandulu. Satemah legeg tyasira nata Dwarawati, padha sakala nyanggrok Aji Naragopa. Datan saranta Sang Dwihasta wus ana epek-epeke sang Tiwikrama. Dwihasta diculke satemah ilang saka pandulu. Datan kewran sang Yaksendra marang unggyaning Begawan Dwihasta, padha sakala gya musthi Senjata Cakra. Cakra katendhang lumarab mring angganing Begawan Dwihasta. Datan saranta, petrek-petrek Sang Resi Kanekaputra tumiyup saka dirgantara.
      Prabu Kresna gya nglacak playune ponang Wahyu Dwihasta. Sang binagus kang lagi mangun teteki menika akekasih Raden Pamadi, ya Raden Jahnawi, Wibatsu, Mahabahu, Karitin, Dananjaya ya Sang Janaka. Mila nalika samana Sang Parta hanggung sobeng wana nuhung denirarsa ngendheg gentenging karsa, sarana ningali eden-edening wana. Sang binagus kadherekaken repat punakawasan catur nenggih Kyai Lurah Semar, Nala Gareng, Petruk, sumawana Bagong.
     Sanalika sang Dananjaya gya patrap semedi. Sajuga kang sinidikara kinarya nut laksitaning brata, antuk sawantah parmaning Hyang Hodipati. Datan saranta tumiba manjing ana angganing sang Harjuna. Datan antara suwe katungka praptane Nata Dwarawati. Sang Prabu Gajah Srapah kaadhep dening Patih Gajah Nungkurda miwah para nayaka praja. Prabu Gajah Srapah sawijining titah asirah gajah nanging apengawak raseksa. Prabu Gajah Srapah sigra paring dhawuh.
       Sinigeg, ora kaya kang ana njeroning Praja Singgela. Nalika Prabu Baladewa lan ingkang rayi satriya ing Jodhipati lagi nata baris, kedugen barisaning raseksa saking Negara Giri belah ingkang dipunpandegani sang yaksendra Gajah Srapah, wasana dadi perang campuh. Tandange Ratu Mandura lan Werkudara pindha banteng kanin. Sang Yaksendra dupi mulat rusaking para wadya bala gya jumangkah ing payudan. Narendra Mandura gya musthi Nenggala. Gya katamakake anggane Gajah Srapah nanging ora digawe rasa. Nggeblas tanpa pamit Raden Janaka dupi midhanget pangandikanipun ingkang raka Dwarawati.
     Raden Arjuna kecandhak tumuli dibanting api-api pejah. Gumuyu latah-latah Sang Yaksendra. Prayitna Sang arjuna, gya musthi pusaka pingitan kang jumedhul saking weninging cipta yaiku jemparing Kyai Pasopati. Kata makaten telaking Sang Gajah Srapah padha saknalika sirna merga layu. Surak mawurahan pra wadya Singgela, dupi mulat sang Gajah Srapah wus tumekeng pralaya. Wadya bala saking Giribelah kang arsa ngebyuki bathang sayuta kabalang angin garudha sidhung riwut dening Dyan Bratasena kabuncang tambuh-tambuh tibane. Ing wasana Negara Singgelapura bali tentrem kaya wingi uni.umber :

Sumber : Panjebar Semangat – 14 / 2003


Geger Suralaya (Wisnu Sri Widodo)

            Ing negara Himapura ana raja sing mimpin yaiku Srinata. Raja iku julukane Prabu Ndaruwardaya. Nalika semana,  Prabu Ndaruwardaya kepengin nggarwa salah sijine widadari kaswargan, yaiku Bhatari Supraba.  Saka penginaneiku Banjur, Dheweke mrintahPatih Udan Agung supaya gawa prajurit-prajurit sing bakal diutus nemoni  Hyang Pramesthi Guru kanggo dadekke Bhatari Supraba permaisurine. Nanging, yen dewa ora gelem nuruti prajurit-prajurit iku diutus gawe suralaya. Prabu Ndaruwardaya uga ngutus Si Emban supayabubarne pasewakan nalika dheweke balik dadi raja ing Keraton.
            Patih Udan Agung mara menyang pasewakan njaba. Ana ing pasewakan njaba, Ki Lurah Togog Tejamantri  ngundang prajurit-prajurite. Banjur, Dheweke munggah menyang panggung  kanggo nggoyangke Gentha Kekeleng. Saka ujare mau, prajurit cilik ngomong karo kanca-kancane supaya melu nglakoni sing padha dilakoni karo wong agung. Ki Togog Tejamantri mudhun saka panggung, banjur ngadhep menyang patih Udan Agung ditututi karo prajurit-prajurite.  Patih Udan Agung nyampeke pesene Prabu Ndaruwardaya. Banjur wis nyampeke, Patih Udan Agung lan rombongane ninggalke Kutharaja. Rombongan-rombongan iku ngliwati tegal uga alas. Banjur, munggah gunung Jamurdipa.
            Nalika tekan Jagad Sunya-ruri yaiku sing panggone ana ing Lokantara sekitare Tengguru uga isih ana ing Jamurdipa puncake Mahameru, Rombongan menika nemoni Kahyangane Para Jawata. Kahyangane iku diarani Argodumilah, Tejamaya, Suralaya uga Jonggringsaloka. Saka karepe yasa, Kahyangan iku kena sunare Candra Kartika. Sahingga, kanggo mbedake awan lan wengi radha kangelen. nanging amarga rasa luhur,  para cinedha padha bubar sampurna.
Sumber : JAYA BAYA NO. 13 . MINGGU IV NOPEMBER 2011


Cerita Ki Ageng Selo


Rikala zaman semono ing desa Sela, Ki Ageng Sela sing kondhang karo ajine yaiku bisa nakluke gludug. Ki Ageng Sela turunaning Majapahit sahingga dheweke isih termasuk anak-putu Brawijaya. Nadyan mangkono, dheweke  ora gelem gantung uripe marang kaluwargane.
Ki Ageng Sela berasal dari Purwodadi tepatnya di daerah Tawangharo. Dia merupakan keturunan dari kerajaan Majapahit sehingga dia dapat dikatakan sebagai anak-putu Brawijaya.  Walaupun dia merupakan keturunan kerajaan Majapahit, namun dia tidak mau bergantung. Dia ingin mencari jati dirinya sendiri.
Ki Ageng Sela nduweni jeneng luwih saka siji ing uripe. Sing kepisan nalika dheweke isih enom,jeneng  Ki Ageng Sela  yaiku Bagus Songgom. Banjur, dheweke nduweni jeneng Si Abdul Rahman. Dheweke dijenengi Si Abdul Rahman amarga dheweke dianggep sesepuh karo masyarakat.  Jeneng Ki Ageng Sela dhewe diwenehi ning dheweke amarga dheweke nduweni akal sing apik utawa susila/Sela.
Ki Ageng Sela memiliki nama lebih dari satu selama hidupnya. Yang pertama ketika dia muda, Ki Ageng  Sela bernama Bagus Songgom, yang kedua bernama Ri karena dia merupakan anak-putu trah majapahit, yang ketiga bernama Si Abdul Rahman karena dia dianggap sebagai sesepuh oleh masyarakat. Nama Ki Ageng Sela sendiri atau Ki Gede Sela diberikan kepadanya karena semasa hidupnya dia memiliki akal budi yang baik atau susila/Sela.
Kawit cilik, Ki Ageng Sela wis dadi wong tani sing ulet. Kebukti nalika dheweke ngolah sawah saka omahe mangulon watara 300 meter, dheweke  bisa nandur cepet.
            Ki Ageng Sela merupakan seorang petani yang ulet, itu sudah terlihat ketika dia masih remaja.  Terbukti, ketika dia bertani dia dapat mengolah tanah kearah barat dari rumahnya hingga sekitar 300 meter dalam menanamnya pun sangat cepat.
            Selawase urip, Ki Ageng Sela cedhak banget marang Gusti Allah. Kebukti, nalika dheweke lagi nandur dheweke diganggu karo gludug. Ki Ageng Sela anyel amarga ngrasa keganggu karo gludug iku. Banjur, dheweke nantang gludug iku kanggo gelut. Dheweke njaluk gludug iku nduduhi wujud asline. Banjur, ana mbah-mbah kakS;ung sing ngadheg ana ngarepe Ki Ageng Sela. Rupane, mbah kakung iku wujud saka gludug mau. Banjur, Ki Ageng Sela gelut karo mbah kakung iku. Akhire, Ki Ageng Sela bisa angalahke Mbah Kakung iku. Sakwise bisa ngalahke gludug iku, Ki Ageng Sela naleni gludug iku nganggo godhong jarak. Sakwise ditaleni, Ki Ageng Sela gawa gludug iku menyang omahe nganggo wit gandri.Nalika tekan omah, Ki Ageng Sela ndheleh gludug iku ing mburi omahe (sing saiki dadi makam Ki Ageng Sela).
Kabar Ki Ageng Sela sing bisa naleni lan gawa bali gludug iku krungu tekan Sunan Kalijaga. Banjur, Sunan Kalijaga ngangkon Ki Ageng  Sela gawa gludug iku ning Demak. Dheweke ngangkon Ki Ageng Sela gawa gludug supaya Demak bisa keadoh saka mala.
Nalika krungu panjaluke Sunan Kalijaga, Ki Ageng Sela nrima panjaluke Sunan Kalijaga. Banjur, dheweke gawa dhewe percikane gludug iku sing sakdurunge wis ditaleni saka omah.
Nalika tekan alun-alunDemak. Rupane, tekane Ki Ageng Sela barengan karo wafate Patiunus (1521 SM). Banjur, Ki Ageng Sela menehi kurmat marang  para Wali sing nalika iku ana ing alun-alun Demak. Sakwise mangkono, dheweke melu neruske pemakamane Patiunus (sing saiki dadi Ombor-ombor).
Nalika  Ki Ageng Sela tekan Demak, Ki Ageng Sela nggambar naga ing ngarep masjid Demak tepate ana ing gerbang utama. Nalika dheweke durung bubaran nggambar, rupane ana mbah wadon sing gebyur gambar iku. Banjur, krungu swara gludug banter. Sahingga, gambar sing digambar Ki Ageng Sela iku ora rampung amarga mahluk-mahluk iku lunga dhewe.
Percikane gludug sing digawa Ki Ageng Sela iku digunakake nalika Grebeg Maulud. Tungku sing digunakake iku tungkune Joko Tarub. Banyu sing dienggo banyu saka sendhang lan sing masak iku Nawang Wulan.
Saiki, Percikane gludug mau isih digunakake nalika ana event-event Mataram. Misale, Grebeg Maulud, Grebeg Sura,lsp.

            Ing crita Ki Ageng Sela, KiAgeng Sela ninggalake pepali kanggo anak-putune.
Sumber Juru  kunci makam Ki Ageng Sela (Desa Sela).


NYADRAN
(Bal-balan Sega Tambakselo Kedunggalar)

  • Filosofi

o   Sejarah
Secara turun temurun adanya adat Bersih Desa dengan melempar nasi ambengan tidak lepas dari nilai sejarah yang ada. Pada zamanya dulu seiring berdirinya Dusun Tambak Selo Timur, ada seorang tokoh perjuangan pada era penjajahan Belanda dengan sebutan Ki Ageng Tambak.

Diketahui tokoh besar tersebut merupakan seorang penentang penjajahan atas warga pribumi yang dilakukan Belanda pada masanya. Suatu ketika Ki Ageng Tambak bersama pengawalnya dikejar-kejar Belanda dan sampailah di tengah hutan belantara.

Dengan posisi sudah terjepit musuh, Ki Ageng Tambak yang kebetulan ada didekat sumber mata air atau biasa dikenal dengan “Sendang” langsung bersabda tidak ada satupun peluru dari senapan Belanda yang sanggup menembus lokasi persembunyianya.

Maka untuk mengenang lokasi persembunyianya dengan menandai sebongkah batu hitam ini Ki Ageng Tambak berujar bila kelak daerah persembunyianya menjadi perkampungan ramai maka namanya akan disebut Dusun Tambak Selo.

o   Lokasi
Menurut masyarakat, keberadaan Sendang Tambak Selo sangat dikeramatkan masyarakat. Sebagai contoh, setiap kali warga masyarakat ada yang melahirkan pakaian kotor karena kelahiran, pertama kali harus dicuci di sumber air ini. Dari kepercayaan masyarakat, kalau hal ini tidak dilakukan yang bersangkutan, maka anak atau sanak keluarganya akan mengalami bala. Minimal akan direnda sakit-sakitan.

o   Acara
Adat “Bersih Desa” semacam ini menurut sesepuh desa setempat merupakan warisan dari leluhurnya yang dilakukan secara turun temurun.

Menurutnya, ritual warisan yang cukup melegenda tersebut bagian dari nilai-nilai luhur lama dan upaya menunjukkan bahwa manusia menyatu dengan alam. Ritual lempar nasi ini dimaksudkan sebagai bentuk penghargaan masyarakat terhadap melimpahnya hasil alam yang mampu menghidupi seluruh warga yang ada di desa ini.

Walaupun dianggap sebagai gugon tuhon dan sepintas acara lempar-lemparan nasi ini akan bermakna sebagai penghamburan makanan atau rejeki. Namun menurut kepercayaan masyarakat desa setempat memiliki makna yang lain, yaitui keikhlasan untuk berkorban dan peduli kepada orang lain bahkan makhluk hidup lain.
Tetapi  walaupun begitu, masyarakat  juga tidak mau berisiko meniadakan. Faktanya, saat ritual dilaksanakan, namun salah satu persyaratan saja tidak dilaksanakan, akibatnya akan fatal. Bahkan ada yang tidak panen gara-gara ritual dilaksanakan saat yang tidak tepat.

Seberapa jauh kebenaran dari kekeramatan Sendang Tambak Selo.  Pastinya sampai saat ini masyarakat merasakan kenyamanannya dengan kepercayaannya tersebut. Hal ini barangkali bentuk lokal genius masyarakat kita utamanya masyarakat Jawa yang mampu mengakomodir kekuatan makrokosmos diluar kendalinya dalam harmoni hidup.

o   Kasus
“Pernah cucu saya sakit yang berkepanjangan, menangis tanpa henti tanpa ada sebab. Akhirnya setelah dilakukan ritual meminta maaf di sendang kemudian mencuci pakaian yang telah dipakai, akhirnya waras,” tandas Taklim tokoh tua masyarakat.
Cerita tersebut dibenarkan oleh Wiryo Sumarto (60) dan Wiryo Sardi (56) dua orang yang dipercayai sebagai juru kunci sendang.

  •  Lokasi


di Dusun Tambak Selo Timur Desa Pelang Lor, Kecamatan Kedunggalar. Tepatnya di Pundhen (Sendang Tambak Selo).
  • Waktu

Ritual Nyadran yang dihelat tiap tahun pada Hari Jum’at Legi, tepatnya setelah panen kedua.
  • Durasi

sekitar satu jam mulai sekitar jam 15.00 WIB hingga waktu ashar.
  • Bentuk

1.       Acara ritual bersih desa didahului dengan isthighosah
2.       Acara Ritual yang  berupa lempar bola-bola nasi sebagai acara puncaknya.
  • Prosesi

1.      Satu hari sebelum pelaksanaan Bersih Desa, pihaknya melakukan istighosah bersama warga dan tokoh masyarakat serta para ulama.
2.       Masing-masing kepala keluarga diwajibkan memberikan sumbangan nasi bungkusan (dibungkus dengan daun pisang atau jati) lengkap dengan lauknya (ambengan) berjumlah antara 5 – 10 bungkus. Namun ada juga yang membawa dupa dan sesajian.
3.       Nasi bungkusan dari masyarakat yang telah terkumpul dalam sebuah bungkusan beserta lauk pauk (ambengan)dikumpulkan di sebelah timur sendang.
4.       Setelah usai dido’akan atau dimanterai oleh kades, didampingi oleh seorang pelawangan ataupun juru kunci, ritual lempar nasi dimulai langsung di Punden Desa berupa sumber air yang oleh masyarakat setempat disebut Sendang Tambak Selo. Sementara Sesaji yang berupa Bunga beraneka ragam dikumpulkan di bawah pohon trembesi yang sudah berumur ratusan tahun. Sedangkan dupanya dibakar dekat tumpukan sesaji yang dikumpulkan warga.
5.       kemudian secara spontan masyarakat yang telah berkumpul tersebut berebut nasi. Bukannya untuk dimakan atau dibawa pulang, melainkan dilemparkan sembarangan kepada gerombolan orang.

Setelah usai dan puas saling lempar kemudian masyarakat buyar pulang ke rumah masing-masing. Dan upacarapun telah dianggap usai

  • Suasana

Suasanapun hiruk pikuk penuh kekacauan hampir sekitar satu jam mulai sekitar jam 15.00 WIB hingga waktu ashar. Seluruh masyarakat yang tumpah ruah, baik pria dan wanita, anak-anak dan orang-orang yang telah uzur juga ikut lempar-lemparan nasi tanpa henti. Bahkan mereka saling kejar-kejaran.
  •  Aturan

Walaupun mereka boleh menyerang satu sama lain dengan senjata bola-bola nasi yang tersedia, mereka tidak boleh menyerang tempat duduk kepala desa, petinggi, serta para tokoh masyarakat yang ditempatkan ditempat tersendiri.
  •  Tujuan

1.      Istighozah
Kegiatan ini dimaksudkan untuk lebih intropeksi diri juga lebih berserah diri terhadap Allah SWT.
2.      Ritual

Menurut penjelasan dari pelawangan atau juru kunci, bahwa upacara ritual lempar nasi memiliki maksud dan tujuan tertentu. Salah satunya yaitu sebagai bentuk rasa terima kasih kepada Tuhan dan bersedekah kepada sesama setelah panenan warga melimpah. Namun, Sedekah itu tidak hanya ditujukan  kepada manusia, tetapi juga kepada makhluk hidup lain, termasuk binatang liar dan makhluk halus yang menjadi danyang di desa pelang lor.



KUNGKUMAN ing Tugu Soeharto


                  Masyarakat sekitar meyakini cerita,konon ketika Almarhum Presiden Soeharto masih hidup upacara ritual dilakukan bersama Almarhum Romo Diyat (guru spritual Soeharto). Nama Tugu Soeharto bermula saat Presiden RI ke-dua Soeharto yang kala itu berpangkat mayor bertugas di Semarang dalam perang melawan Belanda. Saat itu beliau lari ke arah selatan kota yang saat itu masih berupa hutan, beliau melompat ke sungai yang merupakan pertemuan dua arus sungai, dan kemudian menancapkan tongkat dan berendam di sana. Menurut cerita, Tugu Soeharto yang berada di Kali Garang, Sampangan, merupakan tempat persembunyian mantan Presiden Soeharto saat menghindari kejaran tentara Belanda. Pada saat itu, dia melakukan kungkum di dalam sungai yang merupakan pertemuan antara Kali Kreo dan Kali Gunungpati. Di titik inilah kemudian dibangun monumen yang bernama Tugu Soeharto dan masyarakat yang ikut percaya pada aliran kejawen Soeharto ikut melanjutkan tradisi berendam atau kungkum tersebut.
     
Masyarakat Jawa yang masih memegang teguh nilai-nilai tradisi memang masih sering melaksanakan ritual-ritual yang biasa dijalankan para leluhurnya. Termasuk dalam sebuah ritual dalam menyambut tahun baru dalam penangggalan Jawa ini (atau Tahun Baru Hijriah dalam Kalender Islam). Di masing-masing daerah pasti memiliki tradisi dan ritual sendiri. Seperti yang terjadi di Kelurahan Bendan Duwur, Sampangan, Semarang, untuk menyambut malam 1 syura daerah ini mengadakan ritual kungkum (ngalap berkah) yang dilakukan di pertemuan antara arus Kali Garang dan Kali Kreo yang letaknya berada di  Tugu Soeharto. Ritual tersebut sudah dilakukan  sejak dulu dan menjadi tradisi tahunan dalam menyambut tahun baru Islam.
Sebagian masyarakat mempercayai dengan melakukan ritual tersebut mereka akan mendapatkan berkah dan keselamatan serta akan dikabulkan keinginannya. Karena mereka menganggap bahwa kepercayaan yang mereka yakini sebagai nilai spiritual yang terdapat di Tugu Soeharto. Bahkan sebagian warga percaya dengan melakukan ritual tersebut,mereka akan sembuh dari penyakit kulit. Namun, bagi mereka yang kurang meyakini hal tersebut mereka hanya sekadar ikut-ikutan turun ke pertemuan arus tersebut untuk membuktikan kebenaran akan pertemuan arus tersebut.


                  Pada tradisi Kungkuman malam 1 Syura dilakukan setiap tahun sekali, dimana rangkaian acara tradisi tersebut terdapat hiburan-hiburan malam, seperti pasar malam dan orkes dangdutan. Yang kemudian di puncak acara, sekitar jam 11 malam masyarakat berbondog-bondong ke arah Kali atau hanya sekadar menonton di sepanjang jembatan. Setelah tengah malam, sebagian masyarakat mulai turun ke Kali untuk melakukan ritual kungkum dan mandi, atau hanya sekadar menyaksikan ritual tersebut. Masyarakat tidak dapat memastikan sampai kapan ritual kungkum seleasi, karena berakhirnya ritual bergantung pada setiap individu yang melakukannya.
Sumber Wawancara Ketua Panitia Suronan Tugu SOeharto 2013


Asal Usul Kedunggalar - Ngawi

Kira-kira ana ing wangsanan 1830, Pangeran Diponegoro ora setuju karo wewenange Walanda. Dheweke nglarang Walanda supaya ora nindak sakarepe dhewe amarga Dheweke nganggep yen Walanda namung nyengsarakne rakyat. Pangeran Diponegoro ditangkep menyang Makassar amarga Pangeran Diponegoro ora mungkasi anggone dheweke nglawan Walanda. Mila, para pandhereke padha kocar-kacir, kaya sapu sada kelangan suh. Sabageyan pandhereke ana sing banjur teluk marang mungsuh, sabageyan maneh padha mlayu sumebar dhewe-dhewe. Pandhereke ana sing mlayu menyang mangetan lan ana sing mlayu mangulon sing baku bisa umpetan lan supaya ora kecekel Walanda lan anthek-antheke.
Ana sapantha pandhereke Pangeran Diponegoro cacahe selawe. Sapantha pandhereke Pangeran Diponegoro sing cacahe selawe mau mlayu ana mangetan.  Nanging, nalika pandhereke Pangeran Diponegoro sing cacahe selawe mau lagi tekan sukuning gunung Lawu sisih lor wis kadenangan dening prajurit Kasunanan sing bebantu marang Walanda.
Wasanane prajurit Diponegoro sing mung cacah selawe kuwi ditumpes, meh kabeh nemahi pati ing paprangan sing ora timbang kuwi. Nanging, pranyata isih ana sing bisa lolos saka pepati yaiku Ki Sungsang lan Ki Karang. Wong loro iku banjur mlayu menyang mangetan golek slamet lan ngiras pantes ngrungokne pawarta. Manawa-manawa ana kraman sing mungsuh Walanda, karepe yen ana arep melu nyawiji ing barisane kraman mau kanggo mbales lara wirange.
Ki Sungsang lan Ki Karang wis ana ing Magetan. Ing Magetan, Ki Sungsang lan Ki Karang ngenteni kabar. Wis ana pirang-pirang sasi Ki Sungsang lan Ki Karang ana ing kana. Nanging nganti  pirang-pirang sasi iku, kabar anane kraman kang mungsuhi walanda babar pisan ora ana. Banjur, Ki Sungsang lan Ki Karang ngaleh saka Magetan. amarga Ki Sungsang lan Ki Karang ora oleh kabar kraman mungsuh Walanda.
Banjur saka Magetan, Ki Sungsang lan Ki Karang mlaku menyang arah ngulon. Ki Sungsang lan Ki Karang weruh ana Kedung ing Salah sawijing Desa. Banjur, Ki Sungsang lan Ki Karang padha leren ing sapinggiring kedhung iku. Ing Kedhung iku, Wong loro padha rembugan yen kanggo ngumpulne kekuwatan lumawan Walanda ora bisa mlaku ngono kuwi, malah kepara luwih becik babat alas mbukak desa, mbok Manawa kanthi mangkono bakal akeh wong sing teka menyang papan kana lan bisa diajak nyusun kekuwatan kanggo lumawan mungsuh bebarengan.
Ki Sungsang lan Ki Karang babat alas mbukak desa. Ki Sungsang lan Ki Karang babat alas lan mbukak desa kanggo nyusun kekuwatan kanggo lumawan mungsuh bebarengan. Mila, saben Nalar utawa pikiran kang mangkono mau banjur diwujudake. Saka desa ning desa, Ki Sungsang lan Ki Karang babat alas lan mbukak Desa. Banjur, Ki Sungsang lan Ki Karang klakon bisa mbabat alas lan yasa desa.
Kanggo ngeling-eling tinemune gagasan kang mangkono mau, desa anggone asil mbabat alas kuwi ditengeri klawan jeneng Desa Kedhunging Nalar. Jeneng Desa Kedhunging Nalar iku dijupuk saka tinemune gagasan Ki Sungsang lan Ki Karang sapisanan kang mapan ing sacedhaking Kedhung. Ing Kedhung kana uga, Ki Sungsang lan Ki Karang banjur nemu nalar kanggo babat alas.
Ora suwe anggone Ki Sungsang lan Ki Karang wis bisa mbukak Desa kanthi sebutan Desa Kedhunging Nalar kuwi, banjur akeh wong padha mara utawa padha neneka melu mbubak alas ing kana lan kabehe iku dadi andhahane Ki Sungsang lan Ki Karang.
Wiwit saka dina iku, Ki Sungsang lan Ki Karang salin jeneng kanggo nyingidake jati dhirine ben ora konangan dening Walanda. Ki Sungsang salin jeneng dadi Ki Ambyangkara dene Ki Karang Salin jeneng dadi Ki Modangkara.
Saya dina Desa Kedhunging Nalar saya reja, saya akeh wong sing mara ngedhek omah ana ing kana. Owah gingsire wong ngarani Desa iku sing ndhisike saka Desa Kedhunging Nalar ngalih jeneng dadi Desa Kedunggalar.
Anuju sawijining dina, Ki Ambyangkara lan Ki Modangkara ketekan tamu. Tamu iku jebul kancane jaman ndherek pangeran Diponegoro biyen aran Ki Samun  Ki Samun banjur nyawiji karo wong loro iku mau. . Ing Desa Kedunggalar, Ki Ambyangkara, Ki Modangkara lan Ki Samun rerembug babagan cara kan luwih becik  ngumpulne kekuwatan kanggo lumawan Walanda iku babat  alas mbukak desa. Ki Samun dicariyosaken anggone Ki Ambyangkara lan Ki Modangkara babat alas kanthi asile babat alas mbukak desa iku dadi jeneng Desa Kedunggalar.
Ki Samun uga babat alas mbukak desa. Nanging, anggone Ki Samun babat alas rada mengalor. Ki Samun babat alas kang akeh wite Plasa. Ing kana, Ki Samun nebangi wit-wit Plasa. Mula, Ki Samun wenehi jeneng panggonan iku Dhusun Plasareja (Plosorejo). Ki Samun uga nglumpukake kayu-kayu sing wis ditebangi lan kayu-kayu iku ditumpuk ing pinggir kali kanggo digawe areng. Papan kanggo numpuk kayu sing digawe areng mau wekasane dadi Dhusun Ngarengan (saka tembung nggon areng). Sawise babat alas mangkono, Ki Samun uga salin jeneng malih dadi Ki Wangsasepi.
Bareng wis akeh wong sing padha neneka ing Desa Kedunggalar, ing Dhusun Plasareja uga wis akeh wonge, Ki Wangsasepi banjur ngajak kanca-kancane ( Ki Ambyangkara lan Ki Modangkara) mangun kraman maneh. Nanging,  Ki Ambyangkara duwe panemu yen durung wayahe kanggo lumawan Walanda awit saka durung duwe kekuwatan sing cukup.  Anggone padha adu panemu mau nganti suwe, saben-saben Ki Ambyangkara tansah sumaur yen durung wayahe.
Mula Ki Wangsasepi banjur takon :“Aku bingung karo kowe,  Bolak-balik kok kowe iki ngomonge durung wae, jane ngono kuwi durung apa ora?”.
“Urung-urung!” wangsulane Ki Ambyangkara rada sora.
Saka wangsulane Ki Ambyangkara mangkana, Mila papan anggone padha adu panemu kuwi saiki karan Dhusun Urung-Urung. Ki Wangsasepi sing isih rada kuciwa athine kuwi banjur nglungani mlaku mangulon.
Nalika Ki Wangasepi mlaku mangulon, Ki Wangasepi weruh ana kepalang kali sing lagi banjir. Ki Wangsasepi banjur grenengan : “wow tibake ana Kali sing lagi banjir..…..” Saka mangkana, Mila papan ing kana kuwi saiki karan Dhusun Kaliwowo. 
 Sawise weruh ana kali sing lagi banjir iku, Ki Wangsasepi banjur mlaku mangalor. Lajeng, Ki Wangasepi leren ing sacedhake kedhung. Ing Kedhung, Ki Wangasepi melengake pikir supaya ora kebacut gela. Jarene Simbah-simbah ndhisik, Anggone Ki Wangasepi malengake mikir supaya ora gela kesuwen.


Saka anggone Ki Wangasepi malengake mikir kesuwen ana ing Kedhung iku, Mila ing Pungkasaning Crita Papan ana kana kuwi saiki diarani Kedhung Mileng. Kedhung Mileng yaiku kedhung sing kondhang gawat semu wingit ing Desa Kedunggalar.


   Bukan hanya kita dituntut menguasai naskah-naskah kuna, kita juga harus bisa menguasai sastra lainnya, salah satunya sastra pewayangan. mungkin bagi orang awam akan wayang termasuk kami yang baru belajar, kebingungan gimana sih wayang itu.. apa aja sih yang dibahas. nah.. pada tugas Om didik, semester 2 dulu, kita mendapat tugas membuat cerita wayang dari pementasan wayang. [NAHLO] gimana tuh??? meskipun agak kebingungan dalam mengerajakan dan yakin tugas yang dibuat belum tentu bener 100% yang terpenting kita mau mencoba. karena tidak ada salahnyakan mencoba itu?? toh. gak ada ruginya, malah ada untungnya. ketika kita mencoba kita akan tau apa yang belum kita tau. . nah,, daripada kebanyakan curcol tugas dulu, bagi yang penasaran silahkan klik  sini  :)

Sumber video Youtube : Video Pementasan Ki Anom Suroto lakon Bima Maneges 3


Asal Mulane Kutha Ngawi

Rikala zaman samono, ana kadipaten sing manggone ana pinggiraning alas jati. Aran  kadipaten iku Kadipaten Tunggul. Rakyat Kadipaten Tunggul akeh sing nandur pari ing sawah lan nandur palawija ing kebon, lajeng asile didol kanggo nyukupi uripe.
Kabeh rakyat Kadipaten Tunggul reja, ora ana kirangan panganan, amarga ing alas kana isih akeh kidang, lan rakyat ing kana uga angon wedhus, sapi lan kebo. Mila ora kaget yen rejane rakyat Kadipaten Tunggul kondhang ing jaba Kadipaten Tunggul. Kadipaten Tunggul dipimpin karo Tumenggung Malang Negara. Tumenggung Malang Negara kondhang karo Aji Mandraguna. Tumenggung Malang Negara uga nduwe wibawa sing dhuwur ing rakyate.
Para abdi lan Rakyat Kadipaten Tunggul padha subasita karo Tumenggung Malang Negara. Kabeh printah Tumenggung Malang Negara bakal dituruti. Tumenggung Malang Negara adil nalika mimpin, yen rakyate salah, bakal diukum. Nanging, yen rakyate nduwe jasa marang Kadipaten, Tumenggung Malang Negara bakal wenei hadiah. Tumenggung Malang Negara uga ora tau nindak sakarepe dhewe sing bisa dadi sengsarane rakyat. Mila, Rakyat Kadipaten Tunggul cedhak karo Tumenggung Malang Negara. Saben dina, Tumenggung Malang Negara dadi rerembugane lan dadi teladan kanggo para abdi lan rakyat Kadipaten Tunggul.
Akeh rakyat saka jaba Kadipaten Tunggul sing mara ing Kadipaten Tunggul, mulane wong-wong menika nyambut gawe kanggo urip, nanging saya suwe malah akeh sing netep dadi Rakyat Kadipaten Tunggul.
Rupane, Saya suwe rakyat Kadipaten Tunggul serik athine amarga ora bisa ngukuli rejane Rakyat jaba sing urip ana ing Kadipaten tunggul. Mila, Rakyat Kadipaten Tunggul golek cara supaya suasane Kadipaten Tunggul mawut, supaya ora ana wong-wong sing mara  Kadipaten Tunggul maneh.
Saben dina ana wae mata-mata sing nylusup ana Kadipaten Tunggul. Nanging, mata-mata iku mesthi gagal amarga aji-ajine Tumenggung Malang Negara lan Para Abdine. Saka gagale nylusup Kadipaten Tunggul, ora ngalangi niate mata-mata ngancurne Kadipaten Tunggul. Mata-mata ora tau  mandheg golek cara supaya bisa ngancurke Kadipaten Tunggul.
Ana salah sawijining tengah, suasana istana Kadipaten Tunggul dadi sepi. Nalika Tumenggung Malang Negara lagi tekan istana sawise mlaku-mlaku nglilingi Kadipaten, Tumenggung  Malang Negara weruh ana klibatan ing panggonan kerjane. Tumenggung Malang Negara siaga karo kerise, lajeng dheweke marani mata-mata sing mlebu ana istana kadipaten. Nanging, amarga mata-mata menika licik uga nyadari yen Tumenggung Malang Negara menika ora tandhingane, dadi mata-mata iku mlayu nuju kolam sing ana ing andheng istana Kadipaten. Sadurunge mlayu, mata-mata  iku ndeleh layang ana ing meja kerjane Tumenggung Malang Negara.
Tumenggung Malang Negara murka amarga ora bisa nangkep mata-mata iku. Lajeng, dheweke mara ana ing meja kerjane lan nemu layang. Banjur dheweke kageit nalika maca layang iku. Mata-mata iku nulis, yen mata-mata iku ngancem keselamatan kaluwargane Tumenggung Malang Negara. Dheweke kuwatir karo keslamatan kaluwargane. Nanging, dheweke ora bisa bongkar rahasiane iku karo wong-wong sadurunge dheweke oleh wektu sing pas.
Sawise pirang-pirang dina Tumenggung Malang Negara golek cara supaya bisa nylameti kaluwargane, Tumenggung Malang Negara manggihi abdine sing setia. Abdine iku jenenge Ki Kramadamangsa. Tumenggung Malang Negara wis nganggep Ki Kramadangsa mitrane.  Mila,  dheweke crita kahanan sing lagi dheweke adepi karo Kramadangsa. Tumenggung Malang Negara uga njaluk pendapat datheng masalah iku.
“Kramadangsa, ana bebayan kang nimpa kadipaten Tunggul.” Ujare Tumenggung Malang Negara nalika Ki Kramadangsa ngadhep Tumenggung Malang Negara.
“ Sendika gusti.. bebayan menapa ingkang gusti padosi?” pitakonan Ki Kramadangsa.
Lajeng, Tumenggung Malang Negara nyritakake kadadeyan nalika dheweke tekan istana. Dheweke weruh ana klibatan wong sing ujug-ujug ilang amarga wong iku ngonangi tekane Tumenggung Malang Negara. Tumenggung Malang Negara uga nemu layang sing diseleh ana ing meja kerjane.
“Gusti... Menawi kula diparingi ijin, kula saged mbiyantu kangge ngrewangi gusti nylamati Kadipaten Tunggul saking bebayan menika supados Kadipaten Tungul saged tentrem malih.” Ujare Ki Kramadangsa.
Lajeng, Tumenggung Malang Negara wenehi layang iku karo Ki Kramadangsa.
“Kramadangsa.. Mata-mata iki bebayan banget. Awekdhewe ora bisa nganggep enteng. Awakdhewe uga kudu nduwe cara supaya bisa nglawan mata-mata iku lan cara iku ora bebayani wong liya.” Wangsulane Tumenggung Malang Negara
“Wah.. leres gusti.. mata-mata menika boten saged dianggep sepele. Yen salah nindak, bisa bebayani wong liya. Bejane, gusti saged ngonangi mata-mata menika. Mila, mata-mata menika ora bisa nindak ala kang bebayani wong liya.” Ujare Ki Kramadangsa
“Gusti.. Gusti menika Raja ingkang sekti, menapa panjenengan boten nangkep mata-mata menika?” pitakone Ki Kramadangsa.
“Kramadangsa..Mata-mata iku pancen sekti. Sadurune dak sergap, mata-mata iku wis ngilang sawise njegur kolam kae.” Wangsulane Tumenggung Malang Negara.     

Ki Kramadangsa nunduk amarga dheweke penasaran banjur krungu critane Tumenggung  Malang Negara. Dheweke uga ngakoni kasaktiane mata-mata iku bisa mlebu ana Istana.
Banjur Tumenggung Malang Negara wenehi printah Ki Kramadangsa sawise dheweke mikir.
“Kramadangsa..amarga mata-mata iku bisa mbebayani kaluwargaku lan Rakyatku, aku mrintah kowe supaya bisa nindakake tugas rahasia iki.”
“Kula siap nindakaken printah Gusti Tumenggung.” Wangsulane Ki Kramadangsa marang Tumenggung Malang Negara.
 Ora suwe, lajeng Tumenggung Malang Negara mrintah Ki Kramadangsa kanggo siap-siap nindakaken tugas saka dheweke. Tumenggung Malang Negara mrintah supaya Ki Kramadangsa mrintah kadipaten Tunggul ing panggonan sing anyar.
 “ Kramadangsa.. amarga mata-mata iku ngilang saka kolam iki. Mila, kanggo dadi pepeling kanggo anak puthuku, kolam iki dak wenehi jeneng Kedhung Maling. Kowe ya kudu eling demang, rencana pindahe iki rahasia banget. Mila aja sampe ana sing weruh sadurunge ana asil sing apik saka rencana iki.” Printah Tumenggung Malang Negara.
“ Sendika Gusti...“  Ki Kramadangsa nyanggupi printah Tumenggung Malang Negara.
“ Demang.. elinga.. rencana iki pancen rahasia banget. Nanging, yen ana sing weruh banjur takon marang awakmu, wangsulana wae yen kowe arep  ngawiyat (pindah ing angkasa).” Tumenggung Malang Negara menehi pesen sadurunge Ki Kramadangsa pamit saka dheweke lan siap-siap kanggo nindakaken tugas.
“Gusti Tumenggung..Kenging menapa kula kedah mangsuli kaya mangkono?”
 “Demang.. Istana kadipaten iki  luwih tentrem lan reja. Uga, ora ana bebayan sing marai sengsarane wong-wong sing manggoni, amarga panggonan Istana saiki ana ing panggonan sing luwih dhuwur lan akeh ditanduri wit awi sing ana ing pinggiring Bengawan Sala.” Wangsulane Tumenggung Malang Negara.
Nalika Tumenggung dan Ki Kramadangsa rerembukan, Jebule, Nyai Tumenggung nginceng lan ngrungakaken rerembukan garwane lan Ki Kramadangsa.
 Sawise Ki Kramadangsa lunga, Nyai Tumenggung takon rerembukan mau amarga dheweke penasaran. Lajeng, Tumenggung Malang Negara kepeksa alon-alon mangsuli pitakonan saka Nyai Tumenggung. Banjur wis dicritakake, Nyai Tumenggung lunga menyang taman.
Ing sawijining dina, Ki Kramadangsa bisa mindah Kadipaten Tunggul ing panggonan sing anyar. Lajeng, dheweke lapur marang Tumenggung Malang Negara.
Banjur Ki Kramadangsa bisa mindahake Kadipaten Tunggul ing panggonan anyar sing luwih dhuwur, akeh wong-wong sing mara ing Kadipaten sing anyar. Saya suwe kadipaten sing anyar saya tentrem lan reja. Ora ana bebayan sing kaya diwedeni mbiyen.  Saben dina, wilayah Kadipaten sing dipanggoni Rakyat saya amba lan kabeh Rakyat uga saya makmur. Mila, Rakyat saya suwe saya subasita karo Tumenggung Malang Negara.

Lajeng, Tumenggung Malang Negara wenehi jeneng Kadipaten sing mulane diarani Kadipaten Tunggul, malih dadi Ngawiyat. Ngawiyat nduweni teges panggonan sing dhuwur lan akeh tanduran wit awi. Nanging, saya suwe Ngawiyat owah dadi Ngawi sing saiki diarani Kutha Ngawi.


Sumber :  Tarmadji dan Hardo Sayoko


Rawa Tambak 3-Tamat
Dening : Sriyono R.

Ing Samodra ana dewa, dewa iku yaiku Sang Hyang  Baruna . Sang Hyang Baruna ndhelok, Citrane Sri Ramawijaya sing saya kethok nalika dadi dewa. Sang Hyang Baruna uga ndhelok nesune sang Hyang Wisnumurti nalika ngasatke segara .namung dheweke namung ndeloke samar-samar.Sang Jarwata bakal marani yen durung nganti iso ngleburke jagad amarga iku akhir dukane Sang Hyang Kesawa.
Sang Hyang Baruna takon marang Sri Ramawijaya, kena apa dheweke diutus ngasatke segara, dheweke uga ngomong yen kanggo ngasatke segara iku bakal kangelan amarga ing ngisor segara akeh beBajulne. yen tujuane namung supaya bisa tekan ana ngalengka.  yen uga menawa segara iku wis dadi sat, nanging isih ana beBajuln sing ditinggalke kayata ing ngisor segara iku ana karang kang landhep sing bisa nglarani wong liyo sing nglewati. Dadi supaya bisa lunga menyang ngalengka, wadyabala bisa diutus kanggo ngusungi watu banjur dideleh ana segara. Saka mangkono, Sri Ramawijaya seneng marang usule Sang Hyang Baruna. Banjur, Dheweke nyeluk Agniastra. Agniastra diceluk amarga diutus ngucolke Barunastra. Banjur akeh wong sing tumeka, Sang Hyang Baruna ngomong yenbakal ana misi kanggo ngelem marang telenging segara kanggo ngewangi panyuwune Sang Hyang Ramawijata marang Sang Juwata. Sawise mangkono, Dheweke ngomong karo Prabu Sugriwa, yen Prabu Sugriwa diutus nyepakake wadyabala kanggo nambak segara. Banjur, Prabu Sugriwa ngutus marang para bupati supaya nyiapke kabeh wadyabalane supaya ngusung watu sela tala.
Wadyabala sing wis diutus ngusung watu sela tala iku nyebar ngalor, ngetan lan ngulon. Kanggo ngusungi watu sing bakal dideleh ana segara, Wadyabala iku padha jejer-jer banjur padha uncal-uncalan. Wadyabala sing sekti uga ora gelem kalah karo liyane, sahingga padha nunjuke kesaktiane kayata ana sing bisa nyemplungke gunung ginawa ana segara. Ana uga sing bisa nyigar gunung dadi loro. Kabeh Wadyabala iku dipimpin karo Bathara Wisakarma saka undhagine Bathara Endra. Gunung-gunung sing luwih gedhe kayata Andhasari bisa ditibani karo watu-watu sing diuncalke karo wadyabala. Nanging nalika para wadyabala iku padha ngusungi watu, ujug-ujug ana pepalang  sing teka. Pepalang iku ngakibatke akeh para wadyabala sing padha mati. Saka kedadeyan mangkono, ana sing lapur marang Prabu Sugriwa. Amarga tanggep marang beBajuln sing nimpa wadyabalane, Sang Koda Wibisana mra kanggo mriksa segara. Ing egara, dheweke weruh ana yuyu raksasa sing ngrusak tambak. Banjur, Dheweke lapur marang Sri Rama yen sing ngrusak tambak wadyabala iku yuyu ditya Sayungsrani utawa yuyurumpung sing wujud asline Prabu Dasamuka. Ratu yuyune iku Dewi Rekathayaksi sing manggon aja Tirtakadhasar. Yuyurumpung iku sekti banget. Nanging, bisa dikalahke yen wis mentas ana dharatan. Saka mangkono, Sri Rama nanggepi omongane Prabu Sugriwa. Banjur, Dheweke ngutus Anoman.
Banjur, Sang Bayuputra gawe cara supaya bisa mancing yuyurumpung iku mentas ana dharatan. Saka mangkono, Dheweke nyelupke buntut iku. Asile, Yuyurumpung bisa kepancing lan bisa mentas ana dharatan. Para wadyabala sing wis siap-siap mau langsung ngrubut yuyurumpung. Banjur, Jaya Anggada njunjung pucukane gunung lan langsung dientebake marang Yuyurampung. Yuyurampung iku mati.
Sawise Yuyurampung iku mati, Para wadyabala neruske maneh tugase yaiku nambak segara. Gunung-gunung sing ana ing dhasaran segara uga bisa ditindihi karo watu-watu sing diuncalke para wadyabala. Segara-segara sing maune kawujud banyu, saiki bisa diubah karo para wadyabala dadi wujud tambak raksasa. Tambak Raksasa iku nyigar segara saka pesisir lor sukuning gunung Mahendra notog pesisir kidul perenging gunung Suwela bumi Ngalengka. Banjur, Tambak raksasa iku disebut Situbandalayu utawa Setubandatbuta.
Sri Ramawijaya mriksa kahanan ana segara. Dheweke lunga menyang segara numpak tandhu sing diusung kara Para wadyabala. Nalika tekan segara, Dheweke dolanan ana pinggiraning segara. Nanging, ujug-ujug ana Bajul sing nyaut tandhune sing ditumpaki dheweke. Saka kedadeyan mangkono, anoman nyaut Sri Ramawijaya supaya ora kena bebayan. Sahingga Bajul iku namung bisa nguntal tandhu mau.Prabu Sugriwa krungu yen ana gegeran kethek Saraba. Kethek Saraba iku ngamuk amarga bajul iku ngaku dadi Saraba.
Nalika Kethek Saraba lagi mepe ana pasisiring pasir. Dheweke weruh ana rombongan saka Sang Baliputra. Dheweke langsung banda Prabu Sugriwa. Nanging, Prabu Sugriwa malah langsung balik banda tangane Saraba. Prabu Sugriwa arep nebas gulune kethek Saraba amarga kethek Saraba iku wis wani nyoba mateni Sri Ramawijaya. Nanging nalika arep ditebaske gulune, Raden Wibisana menging Prabu Sugriwa supaya ora nebas gulune kethek Saraba amarga kethek Saraba iku dudu Saraba nanging Bajul Saraba iku sejatine Prabu Rawana sing namung diutus Prabu Dasamuka kanggo mateni Sri Ramawijaya.Saka pepenginge Raden Wibisana, Prabu Sugriwa nguculke kethek Saraba iku. Banjur Kethek Saraba nyemplung banyu.
Saka njroning banyu, Kethek Saraba iku arep lapur menyang ratune yen dheweke weruh ana bajul raksasa. Nalika nembe mlaku, dheweke gelut karo raksasa Saraba. Nanging, amarga kewalahan kanggo ngalahke Raksasa Saraba amarga kanggo ngalahke Bajul iku ana ing banyu, ora kena dianggep sepele. Banjur, Kethek Saraba iku langsung mlayu menyang dharatan mancing Bajul ikumentas saka banyu supaya bisa ngalahke Bajul iku. Ana ing dharatan, Bajul Raksasa iku bisa kepancing lan melu mentas ana ing dharatan.Nanging, Bajul iku kewalahan ngadhepi Kethek Saraba apa maneh para wadyabala ngewangi kanggo nyerang Bajul iku. Banjur, Bajul iku disawatake marang segara dadi panganane iwak.
Sawise bisa ngalahke Bajul iku, Sri Ramawijaya ngutus Prabu Sugriwa supaya nguculke wadyabala kanggo Ngalengka ngliwati Setubandalayu. Wadyabala sing cacahe ana watara satusan yuta kae mangkat saka pesisiring segara Mahendra. Kethek Susena sing mimpin Para wadyabala iku. Sri Ramawijaya, Raden Laksamana, Sugriwa lan Raden Harya Wibisana melu prajurite  Raden Jaya Anggada, Raden Anoman, Kethek Anila lan Jembawan.
Rombongan-rombongan iku ngliwati Setubandalayu. Nalika ngliwati, saka kulonan ana bledug sing kumebul, ana yayah ombak segara saka loran.Ing gunung suwela, wis akeh wadyabala. Mila, sing isih ana ing Gunung mahendra ngenteni selaning barisan saka ngarepan. Bumi Ngalengka wis dikebeki karo wadyabala. Gunung Suwela sing dhisike katon gedhe iku, saiki wis ora katon maneh. Saka crita mangkono, barang ala bisa dikalahke karo budi utama.

Sumber : Panjebar Semangat No. 35 29 Agustus 2009




Bektiku Kanggo Pepundhen
Dening : Wisnu Sri Widodo

          Eyang Antaboga ngarahake serangane menyang bangkekanku. Aku ora niyat endha, nanging dak tangkis srana kekuwataning tangan. Aku lane yang Hanantaboga wis padha-padha adus kringet. Sebab gladhen ulah kanuragan iki wis lumaku rada suwe. Eyang pukulun bathara Antaboga gumujeng, banjur ngejak leren ing papan kang kepenak. Aku kelakon weruh padhang hawa jer sasuwene iki aku tansah urip ana kasatriyan Puser bumi klebu wewengkon kahyangan Sapta pretala. Bareng aku teka madyapada, jebul jumedhul ing sacedhake bengawan Jamuna. Nadyan ing Puser bumi ora ana barang sing wujude kaya ngono iku, nanging eyang bathara Antaboga nate nuduhake gambar sing memper kaya kuwi jarene jenenge prau. Wanita ayu iku Wara Sembadra garwane raden Janaka. Nalika aku genti ditakoni ya omong bares, yen aku iki putrane rama Werkudara patutan saka ibu Nagagini.
    Nengah-nengahi aku sakloron bandayuda, bulik Wara Sembadra bengok-bengok misah lan ndunungake. Jare aku sakloron iki isih kakang adhi, padha-padha putrane kanjeng rama Werkudara. Iki mau jare adhiku Gathutkaca salah tampa, dikira aku sing mateni bulik Wara Sembadra, mangka nyatane malah aku sing nguripake. Bulik ngendika bares, satemene sing mateni panjenengane iku siwa Burisrawa satriya ing Pambutulan. Kaleksanan aku kelakon sungkem marang ngarsane rama haria Werkudara lan bektiku kanggo para pepundhen. Sawise bulik Wara Sembadra nyritakake, cetha yen sing mateni panjenengane iku siwa Burisrawa. Mula para pepundhen Ngamarta banjur miji aku lan adhiku Gathutkaca kinen ngoyak maling aguna. Sawise siwa Burisriwa kecekel, dakpasrahake para pepundhen, mangsa borong kerampunganing pengadilan.
       Aku seneng dumunung ana kutharaja Ngamarta, utamane ana kasatriyan Jodhipatidaleme bapakku. Luwih krasan maneh ana Ngamarta iki jalaran aku kepencut Kenya ayu putrine paman Janaka, arane dewi Pregiwati. Emane mbakyune, dewi Pregiwa wis digarwa yayi Prabu Gathutkaca. Yen kelakon aku nggarwa yayi Pregiwati, bisa ana lelakon kaya sing ditembungake ‘Dhadhung kepuntir’, tegese mbakyune oleh adhiku lan adhine oleh aku. Nadyan wis oleh dhukungan moril saka rama Werkudara apadene paman Janaka, luwih-luwih yayi Pregiwati dhewe yaw is mathuk, nanging kanggo kelakone ngrabi putri ayu iku uga kudu ngliwati perjuwangan abot. Awit kakang Lesmana Mandrakumara lan akeh banget para raja mudha lan satriya ngamanca uga padha ngayunake yayi Pregiwati. Gandheng sajake wis pinesthi jodho, mula aku ya kelakon binoja winiwaha kalawan yayi Pregiwati. Malah nalika aku peresmian perkawinan karo yayi Pregiwati, ibu Bathari Nagagini lan eyang Bathara Antaboga uga kepareng rawuh, paring pangestu marang sarimbit. Saliyane yayi Pregiwati emoh dak boyong menyang Puser bumi, jare urip kok kaya gangsir ana njero lemah, ana Ngamarta aku ya diparingi tugas melu njaga katentremaning negara lan kutharaja Ngamarta.
         Olehku jejodhowan karo yayi dewi Pregiwati atut runtut tanpa sambekala. Teka titi wancine jabang bayi lahir, metu lanang, dakjenengake raden Danurwenda. Para pepundhen Pandhawa jebul diapusi para kadang Kurawa jroning lelakon ‘Kasukan Dhadhu’. Saka pokal pokile patih Sengkuni, para Pandhawa padha kalah nganti ngetohake negarane. Wekasan para pepundhen Pandhawa kudu padha ngalami ukum buwang rolas tahun lawase ana alas Kamiyaka. Sabubare iku kudu ndhelik menyang ngamanca praja sing ora nganti konangan utawa kecekel salah siji wae, para Pandhawa kudu mbaleni ukuman saka wiwitan. Ya merga lelakon iku, sing marahi negara Ngamarta kanggo sauntara dikuwasani dening para Kurawa, kapeksa sisihanku yayi Pregiwati lan anakku Danurwenda dak boyong menyang kasatriyanku ing Puser-bumi. Nadyan ana kasatriyan Puser-bumi lan ing kahyangan Sapta-pretala aku sabrayat antuk pengayoman lan rinangkul katresnane ibu Bathari Nagagini lane yang Bathara Antaboga, nanging aku sabrayat tetep ngarep-arep kapan tekane wektu negara Ngamarta bali dadi duweke para pepundhen Pandhawa. Aku krungu kabar yen para pepundhen Pandhawa wis padha timbul, dumunung ana negara Wiratha. Ana kabar maneh para pepundhen kirim duta nganti ping telu njaluk bali negara Ngamarta saka para Kurawa. Nanging Kurawa puguh ora menehake. Wekasane perang Bharatayuda Jayabinangun enggal bakal kelakon ana ing Tegal Kurusetra.
      Aku yakin yen kanthi mengkene aku mesthi bisa urun udhu kemenangan kanggo para Pandhawa. Sawise aku pamit eyang, ibu, yayi Pregiwati lan anakku Danurwenda, aku nuli budhal menyang madyapada, utamane jumuju menyang Tegal Kurusetra, papane kanggo ajang perang Bharatayudha. Aku jumujug pesanggrahan Hupalawiya papan ngasone para pepundhen Pandhawa. Sawise aku ngaturake bekti kanggo para pepundhen, aku nuli matur terus terang yen kepengin nambah kekuwataning Pandhawa minangka bektiku kanggo pepundhen. Aku matur terus terang yen sangu siunge eyang Antaboga, khasiyate sapa sing digarit tilas tlapakane srana siung iku mesthi mati.
Sumber : Panjebar Semangat 21 – 27 Mei 1995


Putri Puspa Cendhana
Dening : Yun Sugeng Widodo Adi

          Suwarane gendhing ngrangin lemebu ing talingan maweh katentremaning wardaya. Sireping gendhing patalon mbarengi miyose Sang Prabu Karungkala ing Bale Paseban praja Medhang Panataran. Nalikane Sang Prabu Karungkala wus lenggah ing kursi keprabon, banjur paring sasmita kabeh punggawa praja Medhang Panataran kang mara seba ing dina kuwi wis kepareng lungguh makidhupuh. Nanging beneh karo padatan, ing dina kuwi pasuryane Prabu Karungkala katon sintru kaya kurang tilem ing wanci wengi. Babagan tata keprajan kabeh wus katur Sang Prabu Karung Kala kanthi terwaca. Enak kepenak anggone ndangu para nara praja iku, dumadakan saka rumangsane Sang Prabu Karungkala ana tamu kang ayu widadari Dewi Mumpuni. Sang Prabu Karungkala rengeng-rengeng lelagon ati kasmaran.
         Trengginas Rekyana Patih Karung Wredha tanggap ing sasmita age-age caos pemut mring ratu gustine. Wantere pamintaning ati kepengin dhaup antuk widadari Bathara Dewi Mumpuni, mula Prabu Karungkala banjur ngetab wadyabala budhal menyang Kahayangan Jung Giri nglamar Bathari Mumpuni. Lampahe prajurit Medhang Panataran yen cinandra pindha sadhula wikridhita. Wiramane gendhing lancaran singanebah kang kamulane garang lan sigrak iku tansaya dangu tansaya mbleret ginantya gendhing ladrang moncer laras slendro sat-satan mbarengi miyose Sang Prabu Wottani Jaya ing Bumi Patanen. Sang Prabu Wottani Jaya lengah ngeedhangkrang ing kursi dhenta ingadep sanggyaning nayaka praja Bumi Patanen pepak andher jejeran.
        Wrangka nata Sang Mantri Wredha kang peparab Pari Junjugan dalah agul-agule prajurit Manggala Manggul Paculbrujul uga sowan ngabyantara. Jumbuh karo arane Praja Bumi Patanen, rerenggan keprajan kabeh wujud palawija lan tuwuhan. Palenggahane Sang Prabu Wottani Jaya diwangun gagrag kesuburan wujud pari kapas kang endah banget. Mula ora aran aneh lamun kang minangka landhes dhasaring pakaryan ing praja Bumi Patanen uga isi babagan tanem tuwuh kang ngasilake sandhang bogane manungsa.
      Lampahe prajurit praja Bumi Patanen binarung gendhing bubaran nyutra krasa berag lan gumregut.ora antara suwe para prajurit Bumi Patanen iku dumadakan wae kosek humeg deradaban awit papagan karo prajuriting praja Medhang Panataran. Tandya bala Bumi Patanen hambyuk gumulung mangusir ring musuhira risang prajurit Medhang Panataran.


Sumber : Panjebar Semangat – 34/2004


web stats