twitter


Dening : Yun Sugeng Widodo Adi

Suwarane gendhing ngrangin lemebu ing talingan maweh katentremaning wardaya. Sireping gendhing patalon mbarengi miyose Sang Prabu Karungkala ing Bale Paseban praja Medhang Panataran. Nalikane Sang Prabu Karungkala wus lenggah ing kursi keprabon, banjur paring sasmita kabeh punggawa praja Medhang Panataran kang mara seba ing dina kuwi wis kepareng lungguh makidhupuh. Nanging beneh karo padatan, ing dina kuwi pasuryane Prabu Karungkala katon sintru kaya kurang tilem ing wanci wengi. Babagan tata keprajan kabeh wus katur Sang Prabu Karung Kala kanthi terwaca. Enak kepenak anggone ndangu para nara praja iku, dumadakan saka rumangsane Sang Prabu Karungkala ana tamu kang ayu widadari Dewi Mumpuni. Sang Prabu Karungkala rengeng-rengeng lelagon ati kasmaran.
Trengginas Rekyana Patih Karung Wredha tanggap ing sasmita age-age caos pemut mring ratu gustine. Wantere pamintaning ati kepengin dhaup antuk widadari Bathara Dewi Mumpuni, mula Prabu Karungkala banjur ngetab wadyabala budhal menyang Kahayangan Jung Giri nglamar Bathari Mumpuni. Lampahe prajurit Medhang Panataran yen cinandra pindha sadhula wikridhita. Wiramane gendhing lancaran singanebah kang kamulane garang lan sigrak iku tansaya dangu tansaya mbleret ginantya gendhing ladrang moncer laras slendro sat-satan mbarengi miyose Sang Prabu Wottani Jaya ing Bumi Patanen. Sang Prabu Wottani Jaya lengah ngeedhangkrang ing kursi dhenta ingadep sanggyaning nayaka praja Bumi Patanen pepak andher jejeran.
Wrangka nata Sang Mantri Wredha kang peparab Pari Junjugan dalah agul-agule prajurit Manggala Manggul Paculbrujul uga sowan ngabyantara. Jumbuh karo arane Praja Bumi Patanen, rerenggan keprajan kabeh wujud palawija lan tuwuhan. Palenggahane Sang Prabu Wottani Jaya diwangun gagrag kesuburan wujud pari kapas kang endah banget. Mula ora aran aneh lamun kang minangka landhes dhasaring pakaryan ing praja Bumi Patanen uga isi babagan tanem tuwuh kang ngasilake sandhang bogane manungsa.
Lampahe prajurit praja Bumi Patanen binarung gendhing bubaran nyutra krasa berag lan gumregut.ora antara suwe para prajurit Bumi Patanen iku dumadakan wae kosek humeg deradaban awit papagan karo prajuriting praja Medhang Panataran. Tandya bala Bumi Patanen hambyuk gumulung mangusir ring musuhira risang prajurit Medhang Panataran.


Sumber : Panjebar Semangat – 34/2004

1 comments:

  1. Lucky 7 Casino - New Orleans - Mapyro
    Lucky 7 Casino in New 강원도 출장샵 Orleans. Directions · (504) 651-7577. Call Now · More 전주 출장안마 Info. Hours, Accepts Credit Cards, Attire, Wi-Fi. Rating: 3.7 강릉 출장마사지 · ‎123 reviews 경산 출장마사지 · ‎Price range: $ 익산 출장샵

Post a Comment


web stats