Saben padang rembulan
Kupu iku
Menclok ana mawaran
Mubeng-mubeng sapantaran
Mbalik ing mawaran
Nalika
padang rembulan
Kupu iku
Mubeng-mubeng sapantaran
Ora menclok
Namung mlebat
ilang plang
Nalika iku padang rembulan
Kupu iku
Mubeng-mubeng sapantaran
Menclok ora Mleber
Jebule,,
Kupu iku
Ilang plang namung enten kuncup
Nalika mekrok pyak
Kupu iku Menclok
Ora ing mawaran nanging
kuncuping.