Dening : Wisnu Sri Widodo
Raden Antareja menika
putrane Raden Bratasena. Dheweke nimbali
Bathari Ngagini bibi amarga Bhatari
Nagagini wis dadi garwane adike Bapake yaiku Raden Arjuna. Dheweke kelingan karo " Tirta Usada ". Tirta Usada iku
saka eyang Sanghyang Anantaboga. Putri Wara Sembadra kena tetesane Tirta Usada.
Antareja
lan Gathutkaca golek Burisrawa amarga wis mateni garwa bibine. Nalika ing alas Gathutkaca
nyamar dadi mbok Mbadra sing lagi kangen karo Burisrawa. Banjur Buriswara
ketemu karo mbok Mbadra iku, Dheweke arep
ngrangkul mbok Mbadra. Nanging, tangane Burisrawa dicandhak karo mbok Mbadra
sing wis malih wujud dadi Gathutkaca.
Gathutkaca gawa Burisrawa menyang Ngamarta kanggo ngadep Prabu
Puntadewa. Nalika krungu Burisrawa arep kena ukuman, Sri Duryudana lan
Banowarti mara menyang Ngamarta. Wong loro iku arep njaluk ngapura kanggo
Burisrawa supaya ora kena ukuman. Nalika panjaluke Sri duryudana marang sri
Kresna ditolak, Banowati mlebu ketemu karo Arjuna. Arjuna njaluk tanggungan
marang Banowati kanggo bebaske Burisrawa saka ukuman. Banowati nyanggupi
panjaluke Arjuna. Sakwise mangkono, Burisrawa digawa menyang Ngastina diiringi
karo para Kurawa. Negara Ngamarta wis malih tentrem maneh.
Sumber PanjebarSemangat