Dening
: Yun Sugeng Widodo Adi
Suwarane gendhing ngrangin lemebu ing talingan maweh
katentremaning wardaya. Sireping gendhing patalon mbarengi miyose Sang Prabu
Karungkala ing Bale Paseban praja Medhang Panataran. Nalikane Sang Prabu
Karungkala wus lenggah ing kursi keprabon, banjur paring sasmita kabeh punggawa
praja Medhang Panataran kang mara seba ing dina kuwi wis kepareng lungguh
makidhupuh. Nanging beneh karo padatan, ing dina kuwi pasuryane Prabu
Karungkala katon sintru kaya kurang tilem ing wanci wengi. Babagan tata
keprajan kabeh wus katur Sang Prabu Karung Kala kanthi terwaca. Enak kepenak
anggone ndangu para nara praja iku, dumadakan saka rumangsane Sang Prabu
Karungkala ana tamu kang ayu widadari Dewi Mumpuni. Sang Prabu Karungkala
rengeng-rengeng lelagon ati kasmaran.
Trengginas Rekyana Patih Karung Wredha tanggap ing
sasmita age-age caos pemut mring ratu gustine. Wantere pamintaning ati kepengin
dhaup antuk widadari Bathara Dewi Mumpuni, mula Prabu Karungkala banjur ngetab
wadyabala budhal menyang Kahayangan Jung Giri nglamar Bathari Mumpuni. Lampahe
prajurit Medhang Panataran yen cinandra pindha sadhula wikridhita. Wiramane
gendhing lancaran singanebah kang kamulane garang lan sigrak iku tansaya dangu
tansaya mbleret ginantya gendhing ladrang moncer laras slendro sat-satan mbarengi
miyose Sang Prabu Wottani Jaya ing Bumi Patanen. Sang Prabu Wottani Jaya lengah
ngeedhangkrang ing kursi dhenta ingadep sanggyaning nayaka praja Bumi Patanen
pepak andher jejeran.
Wrangka nata Sang Mantri Wredha kang peparab Pari
Junjugan dalah agul-agule prajurit Manggala Manggul Paculbrujul uga sowan
ngabyantara. Jumbuh karo arane Praja Bumi Patanen, rerenggan keprajan kabeh
wujud palawija lan tuwuhan. Palenggahane Sang Prabu Wottani Jaya diwangun
gagrag kesuburan wujud pari kapas kang endah banget. Mula ora aran aneh lamun
kang minangka landhes dhasaring pakaryan ing praja Bumi Patanen uga isi babagan
tanem tuwuh kang ngasilake sandhang bogane manungsa.
Lampahe prajurit praja Bumi Patanen binarung
gendhing bubaran nyutra krasa berag lan gumregut.ora antara suwe para prajurit
Bumi Patanen iku dumadakan wae kosek humeg deradaban awit papagan karo
prajuriting praja Medhang Panataran. Tandya bala Bumi Patanen hambyuk gumulung
mangusir ring musuhira risang prajurit Medhang Panataran.
Sumber :
Panjebar Semangat – 34/2004
March 3, 2022 at 9:48 AM
Lucky 7 Casino - New Orleans - Mapyro
Lucky 7 Casino in New 강원도 출장샵 Orleans. Directions · (504) 651-7577. Call Now · More 전주 출장안마 Info. Hours, Accepts Credit Cards, Attire, Wi-Fi. Rating: 3.7 강릉 출장마사지 · 123 reviews 경산 출장마사지 · Price range: $ 익산 출장샵