twitter


Dening : Wisnu Sri Widodo 
 Patih Suradenta nyembah marang raja. Dheweke nyembah marang raja amarga arep mbubarake pasewakan. Nalika Prabu Tejamurti nyiram jamas, thukul penggalihan anyar yaiku tumrap Raden Tejaningrat. Nalika wong loro mau kepingin garwa Wara Srikandhi, Janji Prabu Tejaningrat namuung dadi pinaringan, Prabu Tejaningrat malah dadi duratmaka menyang Madukara amarga Raden Tejaningrat kadung katresnan marang putri Pancalaradya. Nalika Raden Tejaningrat ketemu Wara Srikandhi. Banjur, Raden Tejaningrat ngendikan yen dheweke arep garwa Wara Srikandhi nanging Wara Srikandhi nyuwun bebana marang Raden Tejaningrat. Bebana iku, Raden Tejaningrat kudu bisa nugel mustakane Prabu Tejamurti. Nalika Prabu Tejamurti mbukak lawang, dheweke ngonangi adine lagi karo calon garwane. Wara Srikandhi lunga saka kraton lan kutharaja Tunjungmelaya melu patih Suradenta. Dheweke lunga amarga weuh Prabu Tejamurti lan Raden Tejaningrat ambruk. Ing marga catur Wara Srikandhi ketemu kaliyan Sri Kresna, Raden Janaka kepengin ngrebut kabeh pusaka Madukara. Prabu Baladewa anyel, Dheweke nimbali Werkudara. Sakwise ketimbalan iku kadeyan peperangan. Weruh kedadeyan mangkono, Wara Srikandhi menehake pusaka marang Janaka. Nalika prajurit gemrudug ing Tunjungmelaya. Prajurit iku kepingin ngrebut raja gusti, sang Werkudara mbalang maruta. Sahingga prajurit mau padha bali ning negarane. Sri Kresna lan kanca-kacane uga padha bali menyang kasatriyan Madukara jroning kutharaja Ngamarta. Panjebar Semangat

0 comments:

Post a Comment


web stats