Wanita ayu endah ingkang warna tur kasinungan awet enom kekasih risang Dewi Sinta Basundari. Nanging nadyanta mangkono sajroning uripe Sang Dewi tansah kabentus kelakon kang ora nyenengake ati. Nadyan sang Dewi iku kagarwa dening ratu ing nagara Gilingaya Prabu Palindriya jejulukane. Sang Dewi jumeneng minangka garwa prameswari. Sawijing dina kamaru dening wanita loro cacahe sesilih Dewi Soma lan Dewi Landhep.
Dewi Sinta Basundari ora rumangsa seneng atine kamaru lawan Dewi Landhep, awit putri kang sawiji iki isih sedulure dhewe tunggal Bapa lan Ibu. Mula Sang Dewi banjur mutusake bakal ninggalake nagara Gilingwesi, uga ninggalake sang Prabu Palindriya. Sedyaning ati kepengin urip ana ing alas. Ing sajroning pangulandarane, sang Dewi nalika iku kahanane nedhenge mbobot, ngandhut ponang jabang bayi. Ana sajroning gubug tuwa mapan ing tengahing alas, ing kono Sang Dewi nglairake putra. Jabang bayi kasebut banjur kasinungan tetenger Raden Radite, nanging banjur kondhanging akeh aran Jaka Wudhug.
Pirang-pirang taun lawase Jaka Wudhug wis katon gelis diwasa. Dheweke seneng memangan sing akeh. Ora nduwe rasa sabar yenta ibune lagi ngliwet mangka telat anggone mangan, agawe jengkele ibune Dewi Sinta. Sanalika Jaka Wudhug mutung, banjur lunga ninggalake ibune. Jaka Wudhug banjur ngulandara manjing alas gung liwang-liwung ngunggahi gunung-gunung sing isih kramat. Lan yenta ana kewan alasan sing nglawan banjur dipateni. Alas lan gunung angker mujudake papan pangulandarane Jaka Wudhug.
Jaka Wudhug uga seneng tapa brata nganti mataun-taun lawase. Mula kasektene ngluwihi jin, setan, siluman apa maneh kewan galak. Mula ora mokal yen Jaka Wudhug banjur dadi ratu ana ing nagara Gilingwesi ajejuluk Sang Prabu Watugunung. Bebrayane Prabu Watugunung lawan Dewi Sinta kang ayu tur enem, banjur nurunake putra nganti cacahe 27. Wis dadi pekaremane Prabu Watugunung tansah kepengin tinuju sakrasane keturutan karepe dening para garwane. Kang dadi kesenengane sang Prabu yaiku seneng petan. Mustakane Sang Prabu Watugunung agawe priya gung binathara kasebut banjur pules kapati nendra.
Ing sawijing wektu saiba kagete Dewi Sinta nalika lagi satengahing petan, ing mustakane Prabu Watugunung tinemupetha tilas tatu. Sang Dewi Banjur nyuwun katrangan marang Prabu Watugunungapa ta sejatine kang njalari tilas tatu kang mapan ana mustakane. Prabu Watugunung banjur ndongen nalika panjenengane isih cilik lan nakal. Amarga saka dukane ibune, banjur tinuthuk enthong sirahe. Kang kanthi tatu ing mustakane panjenengane banjur lunga ningggalake ibune. Dewi Sinta kaget mireng critane Sang Prabu Watugunung. Lan dheweke lagi sadhar yen sejatine Sang Prabu Watugunung iku malah isih putrane kang lunga.
Dewi Sinta banjur nemokake sawijining cara kanggo males seriking ati marang atmajane yaiku kanthi ngojok-ngojoki Prabu Watugunung supaya ngayunake Bathari Sri garwae Bathara Wisnu. Sang Prabu Watugunung banjur dhawuh marang para putrane kang cacahe 27 kinen siyaga ing ngayuda saperlu bakal kakanthi munggah ing khayangan angayunake Dewi Sri. Yen sedyane Prabu Watugunung ora katurutan kahyangan bakal ginawe karang abang.
Bathara Wisnu angakuhi lamunta garwane bakal ginarwa dening Watugunung. Mula ora mokal yenta peperangan ora bisa disingkiri. Nadyanta garwa lan putrane Prabu Watugunung uga tinimbalan ing dewa kaunggahake ing Nirwana. Siji mbaka siji padha tetunggalan marang Prabu Watugunung kawiwitan ing dina minggu pahing. Kanthi gancaring ceraita kasebut, mula ing tanah Jawi lan Bali banjur padha migunakake petungan pawukon, kang dumadi saka asmane Prabu Watugunung, Dewi Sinta Basundari, Dewi Landhep lan putrane kang cacahe ana 27.
Dening : Purwadi